cerbung 1
Pikirane sing wis putek
            Nalika kae pancen esih awan, kira-kira urung ana jam 3 sore ananging kaya ndungkap surup, jalaran kawit esuk langite mendung terus. Sedela panas, sedela grimis, kahanan kang kaya mau meh saben dina, meh ora ana srengenge katon. Sore iku Pak Karjo lan ibu Ngadiem lagi jagongan ana ing teras umah, kaya lagi diskusi bab kang penting.
            “Pak, ngapa bapak ngalamun? Apa sing dipikirna? Apa ngelu, apa  mriyang, utawa padarane mules, masuk angin? Pak Karjo gragapan dibrondong pitakonan ngono mau. Banjur wangsulane karo mateni udude “Ora papa bu. Awakku ora krasa sumer kok. Emek kie nek ora percaya.
            “Iya pak, bener nek bapak lagi ora sumer nanging tak amat-amati mesthi anan sing dipikirna, apa arep ngunjuk kopi pak?” Bu Ngadiem nawakna kopi kanggo ngibur pikirane Pak Karjo kang lagi mumet kue. “Iya jajal bu, mbok menawa sirahku bisa kepyar nek wis nginum kopi” jawabe Paka Karjo karo nyopot pecine.
            Pak Karjo dikenal warga dadi penyuluh, dheweke sering mbantu petani-petani cilik  ing desane, Pak Karjo kerjane dadi PPL Pertanian ing kantor Kecamatan Kebasen nanging Pak Karjo saiki wis pensiun. Bu Ngadiem wis 10 tahun dadi guru wiyata bakti ing TK pertiwi ing desane, desa Gambarsari. Amarga wis 10 tahun ora ana tanda-tanda arep diangkat dadi pegawai negeri, Ngadiem mutusake pensiun dadi guru TK, banjur buka usaha warung lan dadi pengepul gula jawa.
            Bebarengan karo lamunane Pak Karjo keprungu suara gludhug kang saya kerep kaya suara krikil kali kang lagi di-sok sekang truk, njalari kahanan kang wis atis dadi saya atis. Ing ngarep umah uga ana pemandangan bocah cilik kang lagi bal-balan ing dalan, nambahi mirise ati, kok iya bisa dalan kanggo bal-balan apa ora wedi yen ditabrak motor utawa mobil liwat.
Wong tuane apa ya ora mikir, dalan koh nggo dolanan, ujare nyawane anake kaya kucing sing duweni nyawa sanga. Iya kaya mangkana kahanan ana ing kompleke, dalan didadekake papan kanggo dolanan, lan lapangan didaekake papan kanggo mepeni pari, cengkeh lan hasil bumi liyane. Dadi bocahan pada ngrasa lahan kanggo dolanane direbut, dalan ya bisa kanggo dolanan lan gurisan.
            Suarane Pak Karjo mecah kahanan kang sepi nanging rame jedar-jeder suara gludhug ”Bu, sakjane aku  iki wis putek, paribasan banyu kauripan, kaluwarga iki kaya banyu kali kang buthek banyune. Masalah iki kok ya ora rampung-rampug ya bu.” Ngepasi sambate Pak Karjo keprungu rame jedar-jeder suara gludhug
            “Iya pak, salah apa dhewek ya pak?” karo gawa kopi ing gelas gedhe kanggo Pak Karjo. “Apa iya Gusti Allah lagi nguji kesabarane awake dhewek ya pak?” jawabe Bu Ngadiem kanggo nenangna pikirane Pak Parjo kang sengsaya budrek.
            “Ngapurane ya bu,bapak ngerti yen kabeh mau merga polahe bapak.” Pak karjo ngomong kaya kae karo nyruput kopi gaweane Bu Ngadiem.
            Sakjane kopi sing disruput ya enak, buket tur nikmat, nanging kahanan atine Pak Karjo sing lagi putek kue gaweni udud karo kopine ora ana rasane babar blas. Hambar, sengar, getir, pait nyampur dadi siji.
            Wektu wis ndungkap jam 4 sumilire angin nambah banter tinimbang dhek mau, njalari hawa krasa tambah adem. Gludhuge saben-saben keprungu isih gemludhug ngrenggai langit. Katon wis ana pletik-pletik banyu grimis sing mulaih tiba maring lemah. Ambune ora ngenaki nang weteng sengar, maraih weteng enek.
Nalika samana Tini, anak ragile Pak Karjo karo Bu Ngadiem bali sekolah, Tini sering bali sore amarga ana les kanggo ngadepi UN SMA. Tini pancen kalebu bocah berprestasi, kawit SD, SMP, SMA dheweke mesthi mlebu  3 besar. Tini duwe mbakyu 2 Santi mbarepe lan Susi nomer lorone, loro-lorone wis padha umah-umah, wis padha misah melu bojone dhewek-dhewek.
Bebarengan karo tekane Tini Pak Karjo lan Bu Ngadiem meneng, amung ana ribut jedar-jeder suara gludhug. Sing jelas Pak Karjo lan Bu Ngadiem ora pengin Tini ngerti masalah kang siki lagi dipikirake wong tuwane.
Melas rasane, mergane dheweke kudu nibani kahanan wong tuawane sing lagi kolep alias lagi bangkrut. Dibandingna 10 tahun kapungkur pas lagi jaman jaya-jayane Pak Karjo karo bu Ngadiem, usahane lagi lancar, Pak Karjo esih kerja lan tunjangane esih akeh, nggo tuku sawah limang bau bae esih turah duite. Nanging siki rasane kaya diantemi wong sekampung Gambarsari. Ibarate entek bebek entek meri. Melas rasane nek ndelengna anak ragile kudu ngrasakna susah.
“Menapa bapak lan ibu kawit wau ngentosi kula wangsul? Menapa wonten bab penting ingkang bade dipunandaraken?” Tini bingung ndelengna bapak lan ibune bingung lan kaya ana akeh bab kang lagi dipikirna. “Tini salah napa pak, bu? Boten biasane bapak ibu kados niki? Tini wangsul sore amargi les teng sekolah pak, bu amargi kirang kalih sasi malih ujian nasional. Tini sampun sanjang bab menika kalih bapak, ibu minggu kala wingi menapa bapak ibu kesupen?” Tini jelasake amarga wedi nek diomahi bapak lan ibune.
“Ora nduk, bapak ibu ora kesuh karo kowe, wis kana ganti, terus adus awakmu wis mambune ora karuan” jawab ibune nenangake anake kang keweden. “Nggih bu” Tini mlebu umah, atine lega amarga dheweke ora diomaih wong tuwane.
“Bu, Tini durung ngerti masalah iki ya? Melasi Tini ya bu sedela meneh lulus terus kudu kuliah, semoga bae dhewek bisa mentasake Tini kaya mbakyu-mbakyune. Melas bu melasi Tini nek mung lulus SMA tok, apa ya nang jero atine ora iri maring mbakyu-mbakyune? Aduh melas temenan yakin bu.” Omongane Pak Karjo mandeg tekan samono, awit ing atine Pak Karjo ora tenang, wedi, lan bingung mikirake kahanan iku. Anak sing paling ragil, anak kesayangane dela maning lulus SMA ing jero atine Pak Karjo mikir apa bisa ngentasna Tini nganthi ulih gelar sarjana kaya anak-anake sing liyane.
“Wis pak, rejekine bocah iku dhewek-dhewek. Moga bae Tini lulus terus ulih nilai sing memuasskan dadi bisa ulih beasiswa.” Bu Ngadiem nenangna Pak Karjo kang sangsaya mumet lan bingung.
Wektu iku wis jam 5, Pak Karjo lan Bu Ngadiem mlebu umah amarga udan gede campur angin lan gludhug. Kahanan kang kaya mau kae ora ngrubah Pak Karjo sing isih putek mikirna masalah keluarga, mikirna anak kesayangane Tini. Rasa-rasane dheweke kaya diantemi lan dieceni wong sekelurahan. Kahanan nang sakiwa tengene sepi, amung ana jedar-jeder suara gludhug lan suara gemrujuge udan. Pikirane Pak Karjo ora sepi, ananging putek, bingung lan sangsaya mumet.
Wektu wis ndungkap wengi, babar blas kawit mau isuk ora ana panase srengenge. Sing biasane jam-jam semene wes keprungu suwara jangkrik, saiki mung keprungu suwara kodok sing ngorek nang blumbangan. Udan neng jaba umah ya katon nambah gede. Wektu semana Pak Karjo arep adus, guyur awak sing krasa gatel, kusut lan busik, ananging hawane ora ndukung banget.
“Bu, bune” keprungu suwarane Pak Karjo
“Iya pak, ana apa ya?” Bu Ngadiem saka dapur nyauti undangane Pak Karjo
“Bu, jajal bapak digodogna banyu go adus. Rasane risih banget, pengin adus tapi hawane koh ya adem banget. Mbok menawa nek wis adus dadi seger bu.” Pak Karjo mrentah Bu Ngadiem karo jikot anduk nang pemean sing ana ing dapur.
“Iya pak, kie ibu sisan arep masak kanggo dahar bapak karo maem Tini. Sekalian mengko godog banyu kanggo siram bapak.” Jawabe Bu Ngadiem karo jeteni bawang.
“Tini nang ndi bu? Deneng ora keton, apa mau ora adus?” Paka Karjo takon maring Bu Ngadiem, mergane ora weruh Tini kawit mau dheweke bali sekolah.
“Tini nang kamare pak, lagi sinau. Mau bali sekolah langsung adus koh.” Jawabe Bu Ngadiem karo jikot banyu kanggo adus Pak Karjo.
“Bu, jajal ngesuk dolan maring gone Susi. Bapak kepengin ketemu Susi sisan cerita...” Pak Karjo durung rampung ngomong, tapi wis dipedot Bu Ngadiem.
“Arep ngapa pak, nek mung sekedar ketemu susi ya ayuh, tapi nek bapak arep sambat karo masalah bapak sing kiye mending ora usah nganah-nganah pak. Melas karo Susi wetenge wis gede, durung maning mikiri biyayane bojone sing lagi nglanjutna S1, apa ya bapak ora mikir gutul semana. Mbok susi lagi mbutuhna pikiran sing tenang, apa bapak kepengin Susi stres terus nglairna sedurung wektune?” Bu Ngadiem katon mandan emosi ngomong karo Pak Karjo.
“Iya ya bu, Susi laagi meteng gede, nek tek sambati kaya kie mbokan brojol sedurung wektune ya bu?” Jawabe Pak Karjo karo mandan ngademi-ngademi Bu Ngadiem sing mandan emosi.
“Ya wis pak, kie banyune wes gemluthuk, ibu arep nyiapna banyu sit kanggo siram bapak.” Bu Ngadiem karo gawa panci sing ana banyune esih kebul-kebul ming kamarmandi.
Pak Karjo wis rampung adus bebarengan karo rampunge Bu Ngadiem masak. Bu Ngadiem banjur nyiapna panganan kanggo bojo lan anake. Mambu sedape nyebar ming kabeh sudut ruangan, sambel nang cowek katon abang mangar-mangar, tempe lan sope gawe weteng kruyukan.
Sekitar jam setengah pitu bareng solat maghrib kabeh pada kumpul ing meja makan. Pancen masakane Bu Ngadiem ora ana sing nandingi, senadyan masakan sederhana, tapi rasane kaya nang bintang  lima. Bar rampung mangan Pak Karjo mlebu kamar, Bu Ngadiem beresi ajange, Tini ngumbaih piring ing dapur.
0 Responses

Posting Komentar