cerbung 8

Ngeweih kabar
Sakwise nebus sertifikate Pak Karjo lan Bu Ngadiyem mutusake kanggo mampir maring umahe nake Susi. Anangin sedurunge maring umahe santi Pak Karjo lan Bu Ngadiyem mampir maring toko bayi. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem arep tuku perlengkapan bayi kanggo Susi sing sedela maning arep lairan.
Nang toko bayi Pak Karjo ketemu kanca lawase, Pak Woto. Nang kono Pak Kajo lan Pak Woto kandahan. Bu Ngadiyem goleti peralatan sing arep digawa marang umahe Susi.
“Kepriwe Pak Karjo, kesibukane apa kie bar pensiun. Suwe banget berati ya dhewek ora ketemu.” Kandhane Pak woto.
“Ya iya suwe banget, wong terakir dhewek ketemu pass ana acara halal bi halal rong tahun kepengker.” Jawabe Pak Karjo.
“Kepriwe kie pak, kesibukane apa bar pensiun?”
“Lah ya mung tani karo ngresiki umah lah. Lah jenengan kepripun Pak Woto?”
“Lah ya mending Pak Karjo ana kesibukan, aku ya mung nganggur. Ya Alhamdullilahe anak-anaku wis pada mentas kabeh. Dadi ya aku ora patia mumet maning.”
“Udune ragile jenengan kuliah?” sambunge Pak Karjo.
“Ora gelem koh, terus akire tek lenokna PJKA. Siki akire dadi masinis nang PT. KAI.”
“Owalah kaya kue ya Pak Woto, anake aku uga lagi ora gelem kuliah koh kie.”
“Oh si Tini apa? Oh iya dela maning lulus ya.?”
“Iya koh Pak Woto, lagi tek lirihi kon sekolah tapi lagi ora gelem bae koh pak. Aku karo ibune ya dadi bingung dewek. Wong mbakyune lorone ya pada kuliah, malah dewek-dewek ora gelem kuliah.”
“Ya wis pak, sinaune kon dimempeng bae, ben nilaine apik. Pas banget bar lulusan bocah-bocah SMA ana recrut pegawai anyar nang PT. KAI. Ya mbok menawa dadi rejekine Tini.”
“Oh kaya kue ya pak? Oh ya mengko aku tek rasan karo bocahe gelem apa ora.”
“Nek pancene Tini gelem ya kon daftar langsung bae maring kantor  DAOP 5.”
“Iya, iya pak. Mbok menawa kue dadi rejekine Tini.”
Nang satengahe rembug wong sakeloron mau, Bu Ngadiyem teka.
“Lah kok, wonten Pak Woto. Sampun dangu napa pak, kalih sinten niki?” Bu Ngadiyem teka karo nyalami Pak Woto.
“Kie miki mampir tuku popok lah kanggo putu keponakan, dewekan bae kie bu.”
“Lah Bu Woto teng pundi niki pak?”
“Ibune lagi repot ngurusi putu keponakan. Halah bu, belanjane akeh banget kie.”
“Nggih niki pak, kanggo calon putu.” Jawabe Bu Ngadiyem.
“Lah sing duwe anak sapa kie bu? Santi apa Susi?” Sambunge Pak Woto.
“Susi pak, niki badhe gadah lare kalih, menawi Santi sampun tigo.”
“Owalah Pak Karjo karo Bu Karjo putune wis lima jebule ya. Aku nembe siji bae kie lah.”
“Saking mbajengipun nggih pak? Lah ingkang ragil kepripun? Dereng emah-emahan napa?”
“Dereng bu, wong nembe bae lulus tahun wingi. Siki ya lagi blajar kerja nang PT. KAI.”
“Owalah nggih senduwure si Tini si nggih? Tini be gadahi kekarepan saged mlebet PJKA niku pak, ananging teng bapak ken kuliah mawon. Mangke rumiyin Pak Woto, kula bade teng kasir, bade bayar.”
“Ya mangga, mangga.” Jawabe Pak woto.
“Kae pak, ibune be ngomong Tini pengin mlebu PJKA. Wis pak, ora usah kolot-kolot banget siki nang PJKA duite uga akeh, kerjane kepenak, jenjang karire uga ana.”
“Ya ya pak, dari pada aku kudu meksa anakku kon kuliah. Malah mbok dadi sulaya.”
“Ya pak, bocah aja terlalu dipeksa pak, wis ben karepe dhewek, dadi wong tua ya mung ngawat-awti karo ndukung sing kirane apik kanggo uripe anak.”
“Iya pak, ndajal mengko aku tek rembugan karo Tini, ndajal ngeneh pak jaluk nomer Hpne jenengan.”
“Kie pak, 087 654 094 569, ya wis ya pak aku tek pamit disit, mbok popoke wis dienteni kie. Ngesuk kapan-kapan aku tek dolan umah pak.” Pamite Pak Woto.
“Iya pak. Mangga, mangga ati-ati ya pak.”
Ora ganti suwe Bu Ngadiyem rampung bayar.
“Lah pak, Pak Woto neng ndi?” takone Bu Ngadiyem marang Pak Karjo.
“Wis bali mau, jerene popoke dienteni nang bojone.” Jawabe Pak Karjo.
“Owalah. Lie pak wis tek tuku kabeh, popok, grita, klambi, clana panjang, bedong, barut, peralatan aduse uga wis tek tuku. Ayuh pak maring umahe Susi, mbok selek kesoren.” Bu Ngadiyem ngomong karo nidoki blajanane marang Pak Karjo.
“Iya ayuh bu, kue si Tini di SMS disit kon nyusul ming umahe Susi bae, ngko dadi baline bareng.” Jawabe Pak Karjo.
“Iya pak, kie tek SMS disit.” Sambunge Bu Ngadiyem.
Pas jam setengah papat Pak Karjo karo Bu Ngadiyem langsung nuju maring umahe Susi. Bareng gutul umahe Susi, jebulane Tini wis gutul ngonoh disitan.
“Owalah deneng wis gutul ngeneh kowe tin?” Takone Bu Ngadiyem marang Tini.
“Niku Tini sampun teng mriki kawit wau siang bu, pak, kadosipun wangsul gasik. Ngenjang senen kadosipun sampun ujian.” Susi metu sekang umah karo nyalimi bapak, ibune.
“Owalah iya, ibu kelalen.”
“Nggih bu wau kula wangsul gasik. Amargi ngenjang senen sampun ujian bu. Kula mriki amargi kangen kalian Naya.” Jawabe Tini karo dolanan karo keponakane.
“Bu, mbekta napa niku kathah sanget?” Takone Susi karo ngelus-ngelus wetenge.
“Kie nyeh digawa mlebu ana gombalan kanggo calon anakmu, nggo Naya ya ana. Jajal dienggokna, muat apa ora.” Karo ngewehna kresek maring Susi.
“Maturnuwun niki bu.” Jawabe Susi.
“Kie pada jagong ngeneh, Susi, Tini, Bu. Bapak arep ngomong.” Pak Karjo ngomong karo nggendong putune.
Wong telu mau kumpul nang ruang tamu. Katon ana bab sing penting sing arep diomongna Pak Karjo marang ana-anak lan bojone.
“Kie Sus, jane bapak arep ngomong karo koe. Sawahe bapak wis didol, nembe bae payu mau, gandheng bapak tau duwe utang maring kowe, siki bapak arep nyarutang. Utange bapak pira?”
“Nggih pak, kula ugi sampun mangertos menawi sawahipun bapak dipunsade, wau Tini sampun crita. Mbok menawi niku dalan kangge medal saking utang piutang kalih bank nggih mboten napa-napa.” Jawabe Tini.
“Ya pancen kue salah siji dalan kanggo nyarutang utange bapak ming bank. Lah utange aku maring kowe pira Sus?”
“Kula sampun ngiklasaken pak, arta sedasa juta mboten wonten artinipun dibanding jasa-jasa bapak kalian ibu marang kula. Kula lan Mas Ari sampun sepakat, arta menika kangge nambahi daftar kuliahipun Tini Pak.”
“Yen pancene Tini arep kuliah ya bapak wis sedia duit kanggo daftare, kue kan kewajibane wong tua, udu kewajibanmu Sus. Kie bapak uga arep ngomong karo koe Tin, nek kowe pengin kuliah ya kuliah nganah, tapi nek pancene koe pengin daftar PJKA ya nganah daftar. Bapak wis arep ora maksa kowe maning. Pas bar lulusan, kowe daftar nganah maring kantor DAOP 5, pancen lagi ana pendaftaran.” Jelase Pak Karjo maring Tini
Tini katon seneng banget ngrungukna kabar lan omongane bapake mau. Dheweke pancen kepengin banget mlebu PJKA. Akire apa sing dadi gegayuhane direstuni nang wong tuane.
“Lah kie urusan utange bapak, ya tetep tek bayar. Kie kan duite bojomu, udu duite koe, itung-itung kanggo nambahi lairane putuku. Kieh diitung mbok kurang.” Pak Karjo karo ngewehna duit maring Susi.
“Nggih pak, maturnuwun.” Jawabe Susi.
“Pak menapa leres tini angsal ndaftar PJKA? Tini mboten ken kuliah?” takone Tini seneng banget.
“Iya, bapak wis arep ora meksa kowe mening. Sing penting kue apik nggo koe lan koe seneng, napak arep melu ndukung.
“Maturnuwun nek kados mekaten pak. Insyallah Tini mboten bade ndamel kuciwa bapak kalian ibu.”
Wektu kuwe wis peteng, wis jam eneman. Sakwise pada salat maghrib Tini, Bu Ngadiyem lan Pak Karjo mutusake bali maring umah. Tini seneng banget ngrungokna omongane bapake mau.
0 Responses

Posting Komentar