Kabar saka
Tini
Ujian nasional wis keliwat. Dina kie pengumumane, Tini
wis deg-degan mbok ngasi hasile ngecwakna wong tuwane. Esuk kue Tini mangkat
maring sekolah ora kaya biasane. Dheweke deg-degan, wedi, pokoke rasane campur
aduk, ditambah maning mangkate sekolah siki karo ibune. Ibune sing arep jikot
pengumuman lan Ijazahe.
Siki Tini jaluk mbonceng ibune, amarga Tini ora wani
nang ngarep. Dheweke wedi mbok nabrak, merga lagi ora konsentrasi.
Tekane ing sekolah, ibune banjur jikot pengumumane.
Tini lulus kanthi peringkat siji pararel. Bu Ngadiyem bangga banget karo
prestasine Tini.
Bareng rampung jikot pengumuman, Bu Ngadiyem ngenteni
Tini njikot Ijazahe. Tini wis ora kanthi banget pengin daftar PJKA.
Sakwise kue, urusan ing sekolah rampung, Tini lan Bu
Ngadiyem banjur lunga maring kantor DAOP, guna daftar PJKA. Neng kono diurus
persaratane. Dheweke ngarep banget bisa mlennu lan katut dadi pegawai PJKA.
Banhur wis rampung urusane Tini lan Bu Ngadiyem bali
menyang umah. Tini wis ora sabar maning arep ngewehi kabar maring bapake nek
dheweke entuk peringkat siji pararel.
Gutule Tini nang umah, Tini langsung nyeluki bapake,
tini mbengok-mbengok karo goleti bapake.
“Pak, bapak, bapak. Bapak teng pundi?” Tini karo
nyeluki bapake.
Sekang mburi Pak Karjo teka, Pak Karjo kaget ora
biasane Tini ngomong seseru kue. Bu Ngadiyem sing nembe mlebu umah uga karo
guyu-guyu ndelengna Tini sing lagi kesenengan.
“Ana apa Tin, ana apa bu? Kok kowe mbengok-mbengok?
Ana apa?” Takone Pak Karjo wedi.
“Niki pak niki. Tini peringkat setunggal pararel. Tini
lulus, nilainipun Tini paling duwur pak, tini rengking setunggal pak.”
Pak karjo katon kaget banget ngrungokna berita kang
Tini. Pak Karjo seneng banget karo brita kang sing digawa Tini. Pak Karjo
ngrasa guli ndidik Tini ora sia-sia. Tini bisa mbanggakna lan bisa gawe wong
tuwane bangga.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar