gurit

Pangumbaran

Letakku ing sakdhurunge banyu
Nganti titiwancine eling wektu
Patemon agung ing lawang wektu
Sungapan pungkasan
Kaboten nggendong pekabaran
Tembang sedih saka tanah sebrang
Tak welehi prau iki nalika angin mati
Sepi katut ombak tumuju laut
Isih cinathe ing buku pangumbaran
Durung ana gancangan,
Dharatan dadi cerita kang pungkasan
0 Responses

Posting Komentar