cerbung 3
Ngimpi kang dadi kasunyatan
Byar lamunane Pak Karjo ambyar bareng nulungi wong kecelakaan mau, rasane awake uga melu pada lara. Pak Karjo mutusna kanggo turu sedela, amarga krasa puyeng delengngna getih wong sing kecelakaan mau.
Ana ing ngimpine, Pak Karjo lunga umroh ing mekah bareng bojone Bu Ngadiyem. Ana ing kana dheweke donga marang sang kuasa, supaya ndang dirampungna masalah kang lagi diuji marang dheweke lan keluwargane. Pak Karjo ngambung Hajar Aswad karo nangis, ing kono Pak Karjo ndonga khusuk banget.
Ing ngimpine uga ketemu karo wong Arab ireng, gedhe duwur. Pak Karjo nulungi dheweke sing meh mati kecempet pas arep ngambung Hajar Aswad. Bareng nulungi wong Arab mau, Pak Karjo karo bojone Bu Ngadiyem diwei koper ireng gede sing isine duit Rupiah, atusan, katon abang-abang.
Pak Karjo katon bungah, seneng, lemes, lan ora ngerti meh ngomong apa marang wong Arab mau. Durung puas lan durung rampung cerita ing ngimpine Pak Karjo, suwarane Bu Ngadiyem wis celuk-celuk.
“Pak, pak, kie ana Pak RT.”
Sanalika Pak Karjo kaget gedindapan menyat sekang amben kang empuk mau, impene ambyar, bubar. Sirah kang mumet amarga weruh getihe wong kecelakaan mau malah sangsaya mumet.
Ing batin Pak Karjo gresula, “Asem, lagi ngimpi enak-enak je digugah, turu kepengin ngilangna mumet malah udune mari, dadi sangsaya mumet.”
“Pak, kae loh ana Pak RT, jarene meh takon tanahe dhewek sing nang Kalisalak kana. Eh mbok menawa jodo pak, tanahe dadi bisa cepet payu.” Bu Ngadiyem niliki Pak Karjo sing durung metu-metu sekang kamare.
“Oh, Pak RT meh takon tanah ya bu, tek kira ana wong Arab.” Jawabe Pak Karjo karo nglantur, amarga esih kegawa ngimpi mau.
“Apa pak? Wong apa? Wong Arab? Bapak nglindur apa?” Bu Ngadiyem karo ndelengna Pak Karjo sing esih jagong nang ambene.
“Iya bu, wong Arab sing nang ngimpine bapak, wong Arab sing ngeweih duit ming bapak sekoper bek kae loh bu.” Jawabe Pak Karjo karo prangas-prenges.
“Owalah, bapak bar ngimpi diwei duit sekoper bek nang wong Arab ya pak? Hahahaha.” Bu Karjo jawab karo ngledek.
“Owalah bune malah ngledek.”
“Wis, wis, wis pak. Kae loh pak RT ditemoni, melasi wis kawit mau ngenteni bapak koh.”
“Oh iya bu, nganti kelalen aku nek nang ngarep kae ana Pak RT, wis nganah ibune gawekna wedang nggo aku karo Pak RT, bapak metu sit nemuni Pak RT.”
“Iya pak, wis cepetan kae ditemuni, ibu tek gawe wedang sit ya pak.” Kandane Bu Ngadiyem karo mlaku maring dapur.
Pak Karjo nuju maring teras umah, dheweke arep nemuni Pak RT. Wektu iku wis jam siji, tumben banget dina kue keton panas banget, srengengene katon ana nang duwur sirah persis. Ora biasane kahanane panas, biasane mendung srengengene bae biasane ora keton babar blas.
“Eh Pak RT, sampun dangu nggih Pak?”
“Dereng niki pak, ngapuntene kula ngganggu nggih?”
“Oh, boten pak, kula wau mung turonan. Sirahe rasane rada mumet, bareng nulungi wong ingkang tabrakan kala wau pak.”
“Owalah, kados mekaten nggih pak. Nggih sederenge kula nyuwun ngapunten mbok menawi kula ngganggu istirahatipun Pak Parjo.”
“Oh boten saestu pak.”
“Kados niki Pak, kula datheng mriki wonten keperluan kalih Pak Karjo. Kula bade taken tanahe panjenengan ingkang wonten ing Kalisalak, menapa leres bade dipun sade pak?”
“Inggih pak, leres tanahe sae sanget pak, cocok dipun tanduri palawija pak. Kula nandur kopi mawon, hasile sae sanget. Seniki wohipun tesih wonten, menawi panen nggih hasile lumayan sanget pak.”
“Owh ingkang dipun sade menika tanah ingkang dados kebon kopi? Sanes kebon cengkehipun pak?”
“Sanes pak, amargi kebon cengkeh meniko sanes hakipun kula. Kebon cengkehipun sampun dados hakipun Tini, anak bontote kula.”
“Oh kados menika nggih pak, rencanipun kula niat bade tumbas kebon cengkehipun pak.”
Ing satengahe rembuge Pak Karjo lan Pak RT, Bu Ngadiyem teka nggawa kopi lan lawuh medange.
“Maangga disambi rumiyin Pak RT.” Bu Ngadiyem karo ngesogna wedang kopi ing meja.
“Inggih maturnuwun niki Bu Ngadiyem, ngrepoti niki.”
“Boten pak, lah wong namung wedang kopi kalih gedang goreng mawon. Sakwontene nggih Pak RT.”
“Maturnuwun loh Bu Ngadiyem.”
“Bu, iki Pak RT arep nawa kebone dhewek sing nang Kalisalak. Ngeneh ibune melu jagong, melu rembugan.” Sambunge Pak Karjo, karo ngongkon Bu Ngadiyem melu rembugan.
“Iya pak, sedela tek mateni kompor disit nang mburi ya.” Jawabe Bu Ngadiyem karo nuju maring dapur kanggo mateni kompor.
Ora kacek suwe Bu Ngadiyem jagong ing sebelahe Pak Karjo. Melu rembugan karo wong loro mau.
“Pripun niki pak RT?”
“Kados niki Bu, niatipun kula badhe bayar tanah kebon cengkeh, ananging Pak Karjo ngendika menawi kebon menika sampun dados hakipun Tini.”
“Inggih leres Pak, kebon cengkehipun pancen leres sampun dados hakipun lare. Ingkang wonten Kalisalak hakipun Tini kalihan Susi, teras ingkang wonten Karangbanar menika hakipun Santi. Nggih hakipun kula kalihan bapak menika namung kebon kopi kalihan sawah ingkang wonten Kalisalak lor lan Sawangan.”
“Oh, cocok nek kados menika bu, pak Karjo. Kepripun menawi kula bayar sawah ingkang wonten ing Sawangan kemawon.”
“Nggih saged, sawah menika wonten 15 bau, ingkang wonten Kalisalak lor 25 bau, ananging boten bade kula sade pak. Amargi sawah ingkang wonten Kalisalak lor menika warisan saking tiyang sepuhipun kula.”
“Nggih pak, kula cocok kaliyan sawah ingkang woten ing Sawangan. Kinten-kinten sebau reginipun pinten nggih pak?”
“Saking kula seubunipun enem juta pak, nggih mangga kersa Pak RT bade ndadosaken pinten”
“Ampun enem nggih pak, sebelahipun sawah Pak Karjo mawon gangsal juta. Kepripun nek gangsal kemawon pak?”
“Menawi gangsal dereng saged pak, reginipun saben tahun mundak terus pak. Hasil panenipun uga sae terus saben tahun.”
“Nggih menawi gangsal setengah pripun pak?”
“Bu, kepriwe bu? Yen sawah kae diucul lima setengah?” Pak Karjo takon marang Bu Ngadiyem.
“Nek aku sih terserah bapak.”
“Ya wis ora papa ya bu, aro itung-itung seduluran ya bu. Sing tuku uga genah dhewek enal lan tangga perek maning, Rtne dhewek sisan.”
“Nggih sampun Pak RT, kula lepas regi gangsal setengah, ananging kula trma beres nggih pak.”
“Sarujuk nek kados mekaten pak, mangke urusan balik nama, ukur-ukuran lan sapiturute kula ingkang nanggung.”
“Nggih pak. Maturnuwun niki kula pak sampun dipunbantu.”
“Kula ingkang maturnuwun pak, kula uga butuh kangge investasi. Sawahipun Pak Karjo mbok cocok kangge investasi. Insyaallah kula ngenjang mriki malih, ngetung bates lan bayar sawahipun.”
“Nggih pak, kula siap bantu Pak RT kangge urusan ukur-ukuran lan urusan balik nama.”
“Maturnuwun loh niki pak. Dados sedayanipun pinten niki Pak Karjo?” pitakone Pak RT marang Pak Karjo.
“Bu, tulung jukutna kalkulator karo kwitansi, sisan materene.”
“Ya pak, sedela tek jukutna.” Bu Ngadiyem karo mlaku maring jero umah.
Ora kacek sue Bu Ngadiyem teka.
“Kiye pak kalkulatore, kiye kwitansine, kiye materne.” Karo ngewehna kalkulator marang Pak Karjo.
“Pak RT dipun sambi kopinipun. Malah dipunangguraken, ketungkul kenakan rembugan nggih pak.” Kandhane Bu Ngadiyem marang Pak RT.
“Nggih bu, mangga bu kula cicipi kopinipun.”
“Nggih mangga, mangga.” Jawabe Bu Ngadiyem karo Pak Karjo.
Pak Karjo katon sibuk nunyuk-nunyuk kalkulator karo oret-oretan ing kertas. Banjur Pak RT nyicipi gedang goreng gaweane Bu Ngadiyem.
“Menika pak kepanggihipun 82,5 juta nggih pak.”
“Nggih pak, niki kula DP 12,5 juta rumiyin nggih pak.” Karo ngewehna duit kang ditokna sekang kopere.
Pak Karjo ndelangna kahanan mau dadi kemutan marang ngimpine mau awan, duit satus ewuan abang-abang ing koper ireng. Dheweke kelaut karo lamunane, ngathi diceluk Pak RT ngasi ora krunggu babar blas.
“Pak, pak, Pak Parjo.” Undange Pak RT marang Pak Karjo sing lagi ngalamun.
“Nggih pak, nuwun sewu niki. Kula setengah radi boten percaya menawi sawahe pajeng kalih panjenengan cepet sanget.”
“Lah, dangu-dangu kangge napa pak, bu. Kula kan sampun ngertos sawah niku dangu, lan kula uga ngertos lan tepang kalih panjenengan uga sampun ddangu. Dngu-dangu nggih kangge napa, mangke selak pajeng kalih tiyang sanes.” Kandhane Pak RT karo ngguyu.
“Nggih leres niku pak, sawah menika uga sae sanget.”
“Nggih kula percaya pak. Menika artanipun dipun etang.”
“Nggih pak, leres.” Jawabe Pak Karjo karo ngetung duit DP sawah mau.
“Nggih sampun pak kula pamit rumiyin, kula dereng duhur. Kiranganipun ngenjang nggih pak kalian ngukur sawahipun.”
“Nggih pak. Maturnuwun sepindah malih niki loh Pak RT. Mbok menawi badhe duhur mriki, nggih mangga pak.” Jawabe Pak Karjo.
“Nggih mangke pak, niki kopine dereng telas, duhur mriki mawon pak.” Saute Bu Ngadiyem.
“Nggih maturnuwun sanget pak, bu Karjo. Kula pamit mawon, niki kula uga badhe jemput lare. Mangga pak, bu, kula pamit rumiyin. Asalamu’alaikum.” Pak RT pamitan lan salam-salaman karo Pak Karjo lan Bu Ngadiyem.
“Nggih mangga, mangga Pak RT. Wa’alaikumsalam” Jawabe Pak Karjo.
“Ngatos-atos pak RT.” Tambahe Bu Ngadiyem.
Nang atine Pak Karjo lan Bu Ngadiyem bungah pisan, amarga entuk dalan kanggo metu saka masalah kang lagi ana ing keluwargane.
“Alhamdulilah ya bu. Gusti Allah paring dalan, ngimpine bapak mau kawujud secepet kie bu. Gusti Allah pancen ora sare bu.” Pak Karjo ngomong karo ngrangkul Bu Ngadiyem.
“Iya pak, Gusti Allah pancen ora pernah sare pak. Ngijabahi dongane dhewek secepet kie pak. Alhamdulliah.” Jawabe Bu Ngadiyem karo mrebeles mili.
Wong loro mau terus mlebu umah, ngemuti durung solat duhur. Arep sembah nuwun marang sing gawe urip, amarga dongane wis diijabaih. Nang atine Pak Karjo esih ora percaya, nek ngimpi sing nembe mau langsung dadi kasunyatan.
0 Responses

Posting Komentar