Ketiban
ndaru
Kaya esuk-esuk biyasane, kabeh pada sibuk karo
rutinitase dhewek-dhewek. Pak Karjo ngelapi motor lan nyapu latar umahe, Bu
Ngadiyem sibuk karo urusan dapure, lan Tini uga sibuk arep mangkat sekolah.
Niate dina kie Pak RT arep nglunasi bayar sawahe lan
ngukur sawah sing arep dituku. Pak Karjo uga ana niatan bubar ngukur sawah banjur
lunga marang bank kanggo nglunasi utange laan nebus sertivikat umahe.
Dina kue katon langit rada mendung, ananging katon
cerah gara-garane ana suwara manuk-manuk pada saut-sautan. Katon ana sitik
panase srengenge.
Pemandangan ing gili uga kaya biasane, gili ribut lan
akeh wong pada liwat arep pada mangkat kerja, sekolah lan sapiturute.
Ing pelataran umah katon Pak Karjo lagi ngelapi motor
lan manasi motor sing arep digawa Tini mangkat sekolah. Pak Karjo pancen
perhatian banget karo Tini, bisa diomong Tini kue anak mase Pak Karjo. Pak
Karjo rela nglakukna apa bae kanggo kesenangane anak emase kue.
Saka jero umah Tini metu, dheweke wis rapi nganggo
klambi sekolah sing wis rapi. Tini arep pamitan karo Pak Karjo, dheweke banjur
nuju ing plataran umah.
“Pak, bapak Tini bade pangkat sekolah nggih pak.”
“Ya nduk, sing ati-ati ya. Sekolah sing pinter, mengko
nek kirane wis kesoren SMS bapak, aja gawe wong umah ketar-ketir maning ya?”
“Nggih pak, mangke nek kesoren napa wonten napa-napa
kula SMS bapak utawi ibu.”
“Iya wis kana mangkat, sing ati-ati nang dalan, aja
ngebut-ngebut. Wis pamitan karo ibu apa urung””
“Nggih pak wau sampun pamit kalian ibu, ibu wau saweg
masak, Tini pamit nggih pak. Asalamualaikum.” Tini pamitan karo salim lan
ngambung tangane pak karjo.
Bareng Tini wis mangkat, Pak Karjo banjur nerusake
nyapu latar umah. Nalika Pak Krajo lagi ngumpulna sampah kanggo dibakar Pak RT
teka.
“Asalamualaikum Pak Karjo, saweg sibuk nggih?”
Pak Karjo kaget, terus madep mburi,
“Eh Pak RT, mangga-mangga mebet.” Karo ngesog sapune
ing latar umahe.
“Nggih pak, saweg sibuk nggih pak? Kula ngganggu napa
boten niki?”
“Mboten pak, niki namung bade ngobong sampah, sampun
katon kathah, nek boten dipun obong nggih mangke mambet.”
“Oh nggih pak leres niku”
“Mangga pak mlebet, mangga, mangga.” Saute Pak Karjo.
Pak Karjo katon bunggah, dheweke ngerti tekane Pak RT
arep nglunasi sawah kang wis diDPni wingi awan. Pak Karjo banjur maring mburi
umah ngundang bojone, lan ngongkon bojone supaya nggawekna wedang kanggo Pak
RT.
“Bu, bu tulung gaweakna kopi kanggo Pak RT.” Prentahe
Pak Karjo karo wisuh ing pancuran nang mburi umah.
“Oh pak Rt wis ngeneh pak, gasik banget. Iya pak tek
gawekna.”
Rampung wisuh pak Karjo banjur metu umah nemuni Pak
RT. Pak Karjo wis seneng banget, nang pikirane urusane karo bank bakalan
rampung dina kie.
“Nuwun sewu loh niki pak, ngentosi dangu kulan nembe
kemawon wisuh niki, kotor sedaya.” Pak karjo karo nyalami Pak RT.
“Nggih boten napa-napa pak, kula sing mrikine
kegasiken nggih pak.” Sambunge pak RT.
“Nggih boten napa, mbok bilih mangke siang kathah
acara, boten kados kula, boten wonten kesibukan. Nggih maklum lah sampun daddos
pengangguran. Hahaha.”
“Hahaha. Nggih boten kados niku pak, kula mriki gasik
niku supados urus-urusan babagan sawah ingkang bade kula tumbas saged rampung
siang niki. Kula ngejar wektu pak, supados minggu ngenjang saged dipun tanduri
pari, amargi sampu mlebet mangsanipu.”
“Oh kados mekaten nggih pak. Menapa bapak sampun
ngubungi pejabat pembuat akta tanah?”
“Oh sampun pak, mangke jam sanga bade datheng mriki. Menapa
Pak Karjo boten wonten acara? Mangke tumut nyekseni pengukuranipun nggih pak?”
“Oh nggih pak, kula nggih mesthi saged.” Sambunge Pak
Karjo.
Nang satengahe rembug teka Bu Ngadiyem karo gawa
wedang teh lan gorengan mendoan lan gedang goreng.
“Eh Pak Rt, mangga niki dipunsambi. Sawontene nggih
pak.”
“Bu Ngadiyem, ngrepoti niki bu.”
“Mboten pak namung teh lah niku.” Jawabe Bu Ngadiyem.
“Mangga-mangga dipunsambi niki pak, sakwotene nggih
pak.” Sambunge Pak Karjo.
“Nggih niki pak.” Karo jikot wedang teh sekang meja,
lan disruput setitik-setitik.
“Kados pundi pak, sampun matep badhe mundhut sawahe
kula?” takone Bu Ngadiyem maring Pak RT.
“Nggih niki bu, kula sampun mikir mateng-mateng, kula
sampun matep badhe tumbas sawahipun Bapak, lan Bu Karjo. Estrinipun kula ugi
sarujuk sanget. Mugi nggih minggu ngajeng saged langsung tandur pari.” Jawabe
Pak RT.
“Oh nggih minggu ngajeng sampun mlebet nandur pari
nggih Pak RT.” Sambunge Bu Ngadiyem.
“Menika kuwitansinipun. Kala wingi kirangipun pinten
nggih pak?” Takone Pak RT mrang Pak Karjo karo ngewehna kuwitansi sing wingi
awan.
“Nggih niki kiranganipun pitungpuluh juta nggih pak?”
Jawabe Pak Karjo karo ngitung nang kalkulator.
“Nggih menika pak arta kiranganipun. Mangga dipunetang
rumiyi.” Pak RT karo ngetokna duit ing tase.
“lah kok dipunbayar seniki? Boten mangke kemawon,
bubar ngukur tanahipun? Mangke mbok wonten ingkang lepat ukurane.” Jawabe Pak
Karjo.
“Boten pak, kula sampun percaya kalih panjenengan.
Mangga dipun etang rumiyin.”
Pak Karjo kaget amarga dheweke ora nyangka babar blas
bakalan secepet kuwe lan sekepenak kuwe anggone dheweke ngedol tanahe. Pak
Karjo uga ngrasa sukur marang Gusti ingkang Murbeng dumadi, sing wis ngijaahi
donga lan penjaluke.
Pak Karjo ndomblong weruh duit seakeh kue. Bu Ngadiyem
uga menen bae, ora bisa kemecap apa-apa, weruh bojone, Pak Karjo ndomblong.
“Pak Karjo mangga dipun etang.” Pak Rt ngagetna
lamunane Pak Karjo.
“Oh nggih, nggih pak.” Pak karjo jawab karo glagapan,
amarga lamunane ambyar.
Pak Karjo ngetung duit bayaran sawah. Pak Karjo ora
konsentrasi. Wis diitung bolak-balik tapi salah-salah bae, amarga dheweke
bingung campur seneng. Dadi Pak Karjo mrentah Bu Ngadiyem kon ngrewangi. Akire
sing ngetung duit mau Pak RT karo Bu Ngadiyem.
Pak karjo uga ora ngerti, kenangapa dheweke bisa kaya
kue. Ora konsentrasi seneng lan bingung.
“Pak kie wis pas pitungpuluh juta.” Bu ngadiyem karo
nyadarake Pak Karjo.
Pak Karjo kaget maning, lamunane ambyar, bubar.
“Oh ya bu, kae bu jikotna kuwitansi lan materai.”
Bungadiyem mlebu umah lan jikotna kuwitansi lan
materai.
“Kie pak, kuwitansi lan materaine.” Bu Ngadiyem karo
ngewehna kuwitansine maring Pak Karjo.
Pak Karjo nulis kuwitansine, dheweke usaha kanggo
fokus, wedi ne ngasi slah nulise.
“Niki pak Kuwitansinipun, mangga dipuntandatangani.
Mangke menawi pegawai pembuat akta tanahipun sampun dhateng namung nyuwun tanda
tanganipun pegawenipun.” Pak karjo karo ngewehna kwitansi maring Pak RT.
“Nggih pak, paling setengah jam malih pegawene sampun
dugi mriki. Mangke menawi sampun dugi langsung kemawon teng Sawangan.” Ujare
Pak RT karo nandatangani kwitansi mau.
Urusan bayar sawahe wis rampung, gari ngenteni pegawe
pembuat tanahe teka. Pak Karjo karo Bu Ngadiyem kaya-kaya ketiban ndaru, pada
seneng banget amarga sedela maning utang sing gawe Pak Karjo lan Bu Ngadiyem
lunas.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar