cerbung 2

Lamunane Ambyar
Rutinitas esuk kiye biasa kaya esuk-esuk sedurunge, Pak Karjo nyapu latar, Bu Ngadiyem masak ing dapur, lan Tini mangkat sekolah. Keprungu swara manuk ingon-ingone Pak Karjo. Ing dalan ngarep umahe uga wis rame wong pada mangkat pegawe sing arep mangkat maring kantor, petani sing arep maring sawah, penderes sing arep goleti badeg, ibu-ibu sing arep pada mangkat pasar lan ana uga sing arep mangkat ming lapangan mepeni hasil panene, lan akeh bocah cilik nganti seumuran Tini pada mlaku mangkat sekolah.
Katone esuk kiye uacane mandan cerah, srengenge mulai munggah senajan isin-isin ngetokna panase. Sakjane melasi petani lan wong sing lagi ngepeni hasil bumine nek ben dina kudu udan terus. Hasil bumine bisa ora garing-garing, malah bisa uga bosok lan gagal nikmati hasil panene.
Pas jarum jam wis ana ing angka enem lewih telung puluh menit, Tini pamitan marang bapak lan ibune. Bareng dipamiti Tini, Pak Karjo banjur ngetokna motor lan manasi. Iya Tini Pancen mangkat nganggo motor dewekan, amarga jarak kang umah maring sekolahan adoh sekitar setengah jaman, melas nek kudu numpak angkot, kudu nyambung ping telu.
“Bu, Tini pamit sekolah rumiyin nggih bu” karo ngambung tangane ibune.
“Iya, ati-ati neng dalan, aja ngebut-ngebut bahaya. Sekolahe sing pinter ya nduk” jawabe Bu Ngadiyem karo ngewehi sangu lan kotakan isi sega kanggo sangu lese mengko sore.
Pancen saben dina Senen gutul dina Kemis Tini baline sore terus, amarga deweke kudu les bali sekolah, lan nek dina selasa lan kemis bali sekolah langsung mangkat les privat ing gurune.
Swara mbrem..mbremm..mbremm.. keprungu ing jaba umah, motor sing arep digawa Tini wis panas.
“Tini, kie wis cepetan mangkat mbok mengko selak keri sekolahe” suarane Pak Karjo karo ngundangi Tini, anake.
“Nggih pak, niki Tini seg ngangge sepatu.” Jawabe tini gugup merga wis jam setengah pitu punjul lima.
Karo mlayu tini pamitan marang Pak Karjo, “Pak, tini pangkat rumiyin nggih pak, Asalmau’alaikum bu, pak” pamitan marang bapake karo ngambung tangane nanging kesusus.
“Iya, ati-ati, ajangebut-ngebut, ora usah kesusu, sing pinter ya nduk sekolahe, nek wis bali les langsung bali ngumah ya, nek wis kewengen ngko SMS ben bapak bisa magang kowe neng Patikraja.” Jelase Pak Karjo dawa.
Pancen Tini anak bontote sing paling dijaga lan dieman banget nang Pak Karjo. Yen baline wis nang duwure jam setengah lima, mesthi dipagang ning Patikraja. Pak Karjo ngetutna nganggo motor dhewek-dhewek, sebabe nang dalan Patikraja ming Gambarsari kue isine mung bulak tok, sepi lan akeh begale. Nek sekang sekolahane, Purwokerto si ya aman-aman bae soale rame akeh motor, mobil, truk gede-cilik lan bis luar kota lan bis telungprapat.
“Bu,yuh padasarapan, bapak wis rampung nyapu laare krasa sayah banget lan kencot, masakane wis mateng mbok bu?”
“Iya pak wis mateng, ana jangan mi karo ndog dadar pak, masak seanane, ibu durung sempet pasar dadi, mengko ya pak aku dijujugna ming pasar ya pak, golet janganan kanggo engko awan karo engko wengi.” Bu Ngadiyem karo nyiapna sarapan kanggo Pak Karjo.
“Iya bu, mengko tek jujugna ming pasar.” Jawabe Pak Karjo aro mlumahna piring lan jikot sendok.
“Alhamdulillah ya pak, dhewek esih diwei rejeki kanggo mangan sedina-dinane, lan kanggo nyanguni Tini.” Omonge Bu Ngadiyem karo jukutna sega kanggo sarapan Pak Karjo.
“Alhamdullilah bu, rejekine bocah pancen ora ming endi, Gusti Allah ora sare bu.” Tambahe Pal Karjo.
Sewise rampung sarapan Pak Karjo bajur jikot udud lan jaluk digaweake kopi marang bojone. Bu Ngadiem ningkesi meja makan, gawekna kopi nggo Paka Karjo terus nglanjutake ngashi piring lan ngumbahi klambi.
Pak Karjo terus nuju ing teras, jagongan lan golet angin. Jam samono lagi rame-ramene pegae negeri sing pada nganggoni PSH pada mangkat, nganggo motor dines. Pancen umahe Pak Karjo ing pinggir dalan gede lan perek karo kantor kepala desa lan sekolah-sekolah, TK, SD, SMP, lan MTS.
Ndelengna wong-wong sing pada mangkat kerja kae Pak Karjo ngemuti pas jaman dheweke isih kerja, pas jaman isih gagah-gagahe nganggo pakean PSH lan nganggo motor WIN motor dines plat abang inventaris sekang kantore.
Pendelenge ngeblag, bayangna seumpama dheweke isih kerja. Kahanane ora kaya kie, esih duwe gajih pokok, kaddang entuk sripilan, lan mesthi entuk tunjangan uga saben wulane.
“Ya Allah aku rela nek kiye wis dadi suratan takdirMu kang wis ketulis dalane uripku kudu kayaa kie. Pancen nek ibarat roda kudu muter nek kepengin laju gutul panggonan sing dituju, semena uga uripku sing limang tahun kepengker esih kepenak, lan kecukupan saiki kudu nang ngisor.  Ya pancen kabeh mau wis dadi rencanaMu, ora ana sing bisa ngubah, kecuali donga lan ikhtiarku.” Batine Pak Karjo ngomong kaya kue, pikirane esih bayangna jaman biyen.
Bu Ngadiyem neng mburi lagi ngepeni klambi kang mau wis dikumbahi. Bu Ngadiyem panen kegolong wong wadon kang pinter nyambut gawe, lan masakane uga enak, sebabe dheweke biyen pernah melu rombongan ketringan kanggo acara gedhe lan hajatan.
Ing teras umah Pak Karjo isih nyurupu kopi,lan ngudud, pandelenge isih ngeblag. Mbuh apa bae sing dipikirna pak Karjo, mbuh Tini, mbuh Bu Ngaddiyem, mbuh Santi, mbuh Susi, mbuh putune (anake Santi) sing adoh nang Semarang kana, lan mbuh apa sing dipikrna.
Pak Karjo lagi asik karo lamunane, ujug-ujug lamunane ambyar jrungu swara gubrakkkkkkk saka gil ngarep umahe. Ana wong kecelakaan, motor sing numpaki guru kang nganggo srgam PSH lan motor plat abang karo mobil Avanza plat abang uga.
Atine kaget, lamunane ambyar. Dheweke banjur nulungi korban kecelakaan mau. Akeh sing padha ngrubung, Bu Ngadiyem sing lagi mepeni klambi ing mburi be ngasi metu njaba gawa klambi sing lagi dipemeni.
0 Responses

Posting Komentar