gurit

JANJI SEPI

Dawane rel sepur liwat tengah alas sawah
Prasasat isih dawa janjimu
Kang nggawa daya
Sumringah ing sajroning laku
Nlusup ing balung sungsum

Angin melu nggoleki
Agawe donya njomplang
Gara-gara ora kuwat nyangga bumi
Ora kuwat nreksa budi

Rasane kaya wis tau tak rasaake
Angin isih nggoleki aburing kupumu
Mangsa rendheng udane nggrejih
Nanging kali durung akeh banyune
Angin njajah desa
Ngilang  marsudi  janjimu wingi
0 Responses

Posting Komentar