cerbung 7
Balike Sertifikat tanah
Wektu wis ndungkap awan, nalika samana jam wis setenga rolas. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem mutusna langsung maring Patikraja, bank sing diutangi Pak Karjo manggon ing Patikraja.
Amarga wektune wong pada solat dzuhur, Pak Karjo lan Bu Ngadiyem mutusna mampir maring mesjid cedek bank. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem arep solat lan arep gaturna sembah nuwun marang Gusti Allah kang wis mbantu urusane Pak Karjo lan Bu Ngadiyem.
Nalika wis rampung solate, Pak Karjo lan Bu Ngadiyem langsung nuju bank. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem wis ora sabar maning kanggo weruh lan nyekel sertifikat umahe maning.
Wis teka ing bank, pak karjo langsung ngadep maring bagian keuangan. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem langsung ketemu karo kepala bagian keuangane.
“Sugeng Siang pak, wonten ingkang saged kula biyantu?” takone kepala keuangan mau.
“Nggih pak, kula nade nebus sertifikatipun kula.”
“Oh mekaten, sekedap saking bapak sinten nggih?”
“Pak Karjo pak, alamatipun desa Gambarsari.”
“Sekedap nggih pak.” Kepala keuangan mau goleti lan ngutak-ngutik komputer.
“Niki sisa pinjamanipun tesih kathah pak. Menapa bade dipun take ofer?” takone kepala keuangan bank mau.
“Nggih leres pak, kula bade take ofer utang kula.” Jawabe Pak Karjo
“Sedaya jumlahipun Rp 30. 500.000,- niki sampun kalian bunganipun pak.”
“Nggih pak niki artanipun” Pak Karjo karo ngetokna duit sekang tas lan ngetung duit sing abang jimbrang.
“Nggih pak kula trima nggih?” Jawabe kepala keuangan mau.
Banjur duit diitung karo mesin. Nang atine pak Karjo wis lega banget, amarga sedela maning sertifikat umahe bakal bali maring Pak karjo. Ora bakal ana rencana maning ngutang-ngutang. Apa maning ngutang sing jumlahe gede.
Suwara serrrrrrrrrr keprungu ing kupinge Pak Karjo karo Bu Ngadiyem. Suwara iku sumbere saka mesin pengitung duit otomatis. Ora ngasi 3 menit, duit mau wis rampung diitung.
“Pak, niki leres jumlahipun, mangke bapak nenggo sekedap, saweg dipun damelaken serat take ofer rumiyin.”
“Oh Nggih pak. Mboten napa-napa, ananging mangke sertifikate langsung medal napa boten pak?” Takone Pak Karjo maring kepala keuangan mau.
“Nggih langsung saged medal pak, menawi mangke serat take ofer sampun dipun tanda tangani.”
Sekitar sepuluh menitan surat take ofer metu. Ademe ing ruangan kue ora ndadikna ademe awake Pak Karjo. Pak Karjo pancen wis ora sabar banget kepengin gawa bali sertifikat umahe.Wektu sepuluh menit bae krasa suwe banget.
“Pak, niki serat take oferipun sampun dados. Mangga dipun tandatangani.” Pimpinan bagian keuangan mau karo ngewehna surat maring Pak Karjo.
Atine Pak Karjo bungah banget, akire utang-utange nang bank wis lunas. Pak Karjo krasa kaya nglepas beban ing pundake.
“Nggih Pak.” Pak Karjo jawabi karo nandatangani surat mau.
Bareng surat take ofer mau ditandatangani, banjura ana pegawe wadon kang gawa map abang kang isine sertifikat.
“Menika pak sertifikatipun.” Pegawe bank mau ngewehna amplop abang maring Pak Karjo.
Atine Pak Karjo seneng banget akire sertifikat tanahe bisa balik maning nang tangane. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem bali kanthi rasa seneng lan bungah.
0 Responses

Posting Komentar