Prawan Wengi Pinggir Kutha
Sumulire angin
wengi
Kang kebak
jatraning wewadi
Crita ing
jaman Kamardikan
Kaya sak
perange jiwane dhewek
Prawan wengi
pinggir kutha
Iku amung sawijining
pralampita
Eseme
wewayangane kang nyalawadi
banjur apa ta sejatine
Prawan wengi pinggir khuta
Kang ngraket rembulan
Gumebyare pindha mercuri kang sinesepe
angin
Sugih cahaya
Kang cinipta saka asih Mu
Prawan wengi
pinggir kuta
Lair tanpa ibu
lan bapa
Ananging saka
rasa pangrasane
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar