Gegayuhane bisa
kewujud
Dina kie katon cerah, tapi atine Tini esih deg-degan,
senajan nembe wingi seneng amarga lulus lan entuk rengking siji pararel,
ananging dina kie Tini deg-degan maning.
Tini keton mlebu-metu, mlebu-metu sekang umah, dheweke
lagi ngenteno tekane Pak Pos. Dina kie pengumuman mlebu PJKA. Atine lewih wedi
maning dari pada ngenteni pengumuman kelulusan wingi.
“Ngapa sih kowe Tin, keton mlebu-metu, mlebu-metu,
keton gelisah temen kowe? Ana apa?” Takone Pak Karjo sing lagi ngrokok ing
amben nang teras ngarep umahe.
“Tini saweg ngentosi serat saking POS pak, mbok menawi
Tini saged mlebet PJKA. Dinten niki pengumumanipun pak.” Jawabe Tini karo nyokoti
jentik.
“Owalah kuwe sing ndadikna kowe kaya wong bingung. Ya
wis dienteni bae, kie kan esih esuk banget, mbok menawa tekane mengko awan apa
mengko sore. Wis mlebu bae nganah, ngrewangi ibumu disit. Ngko nek ana surat
bapak langsung ngundang kowe.”
“Nggih pak. Ampun kesupen mangke menawi seratipun
sampun dugi, mangke dipuntampa rumiyin nggih pak?” jawabe Tini karo mlebu umah.
Anggone ngrewangi ibune ora tenang banget, saben
krungu suwara motor mesti mikire suwara motore tukang pos teka, padahal ya
suwara motor liwat nang gili.
Masakane wis mateng tapi tukang pose duruung
teka-teka. Dheweke nambah deg-degan. Pak Karjo mlebu lan wisuh nang kamar
mandi. Banjur ditakoni Tini.
“Pak napa seratipun dereng dugi? Tukang pose dereng
mriki?” takone Tini maring bapake.
“Urung ana tukang pos liwat Tin, paling dela maning
ayuh pada managn disit.” Jawabe Pak Karjo.
“Nggih pak.” Sambunge Tini.
Pak Karjo, Bu Ngadiyem, lan Tini wis jagong nang meja makan,
pada siap-siap arep mangan. Ngepasi bu Ngadiyem jukut sega tukang pose teka.
“Pos. Pos.” Keprung suara sekang ngarep umah.
Sepontan Tini langsung metu.
“Serat kangge kula nggih pak? “ Takone Tini maring
tukang pos mau.
“Kangge Tini Suprihatin” jawabe tukang pos.
Ora nganggo suwe Tini mbukak surat mau. Tini maca isi
surate, ketulis nang surat mau, Dheweke katut lan bisa kerja nang PT. KAI
kanthi bagian administrasi kantor.
Sepotan Tini nangis mbaor-mabaor karo celuk-celuk
bapak ibune.
“Ibu, bapak. Ibu, bapak. Tini lolos bu, tini lolos
pak. Tini dados pegawai PJKA pak, Tini kerja teng PT. KAI pak.” Tini ngomong
kaya kue karo ngorong-ngorong.
Krungu suwara Tini ngorong-ngorong, Pak Karjo lan Bu
Ngaidiyem langsung mlayu lan metu jaba, niliki Tini.
“Ana apa Tin, kowe kok ngorong-ngorong.” Takone Pak
Karjo.
“Ana apa sih Tin, ora patut bocah wadon kaya kue.”
Sambunge Bu Ngadiyem.
“Niki bu, niki bu. Tini lolos. Tini saged kerja teng
PT. KAI bu. Tini dados pegawai PJKA pak.” Karo ngewehna surat mau maring ibune.
Bareng ngewehna surat maring bapake, Tini sujud sukur
karo nangis seneng. Dheweke seneng banget apa sing dadi gegayuhane kewujud.
Pak Karjo lan Bu Ngadiyem melu seneng delengna anake
Tini kesenengan amarga bisa mujudna gegayuhane.Pak Karjo lan Bu Ngadiyem bangga
duwe anak kaya Tini. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem uga ndogakna terus kanggo
kesuksesane Tini, kanggo gangsare uripe kakange Tini Santi lan Susi.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar