cerbung 6
Nguculna sawahe
Wektu wis rada awan, jam wis nang angka sanga punjul sepuluh menit. Wedang lan lawuh medang kang dadi sandingan uga wis arep entek.
Keprungu suwara motor mandeg ing ngarep umahe Pak Karjo. Jebul Pegawe sing lagi dienteni kawit mau.
“Asalamu’alaikum.” Pegawe mau karo dodog-dodog lawang umahe Pak Karjo.
Bu Karjo banjur maring ngarep lan nemuni tamu sing nembe bae teka.
“Napa leres niki dalemipun Pak Karjo?” Pitakone tamu mau.
“Nggih leres pak. Wonten napa nggih?” jawabe Bu Ngadiyem
“Kula saking kantor notaris bade kepanggih kalian Pak Karjo.”
“Oh, nggih mangga mangga mlebet kemawon.”
Pegawe sing cacahe loro mau mlebu lan nemuni Pak Karjo lan Pak RT. Bu Ngadiyem banjur mlenu, dheweke arep ganti klambi, mbok menawa tamu mau pegawe pembuat akta tanah sing lagi dienteni kawit mau.
“Asalamualaikum.” Pegawe sing cacahe loro mau aweh salam lan nyalami Pak Karjo lan Pak RT.
“Owalah Pak Saji lan Pak Tarno. Mboten kesasar pak mrikine?” Takone Pak RT maring pegawe mau.
Pancen sedurunge Pak RT wis kenal pegawe-pegawe mau. Critane Pak RT kanca kuliah bojone mbiyen.
“Boten kesasar, wau teng prapatan taken kalih tukang ojek.” Jawabe Pak Saji.
“Kepripun Pak RT menawi langsung kemawon nuju sawah ingkang bade dipun ukur. Dados manke boten kesiangan anggenipun ngukur.” Sambunge Pak Tarno
“Oh nggih menawi kados mekaten, langsung kemawon. Pripun Pak Karjo?” Takone Pak RT marang Pak Karjo.
“Oh nggih pak, sekedap kula gantos rumiyin.” Jawabe Pak Karjo.
Pak Karjo banjur mlebu kamar. Dheweke karo ngundang Bu Ngadiyem, kon cepet-cepet anggone dandan, amarga wis dienteni,
“Bu, cepetan bu, kae wis dienteni.” Suarane Pak Karjo sekang jaba umah.
“Ya pak, kie wis rampung.” Jawabe Bu Ngadiyem.
“Kae bu metu disit, kancani Pak RT. Bapak tek ganti klambi disit.”
“Iya pak, aja kesuwen ya pak.”
Bu Ngadiyem langsung metu kamar. Nemuni Pak RT lan pegawe mau. Ora ganti suwe Pak Karjo metu kamar.
“Kepripun niki pak, bade pangkat sseniki kemawon napa?” Takone Pak Karjo.
“Nggih mangga Pak Karjo, Bu Ngadiyem langsung kemawon supados boten kesiangan.” Jawabe Pak RT.
Jam sepuluh pas Pak Karjo, Bu Ngadiyem, Pak RT, lan pegawe pembuat akta tanah mau mangkat nuju ing sawah. Jarak antara umahe Pak Karjo maring sawah pancen rada adoh. Sekitar setengah jaman.
Sakwise tekan nang sawah namjur pegawe mau nglakukna ukur-ukuran, lan nentukna maning watese. Bareng ngukure wis rampung banjur pegawe mau ngewehna surat balik nama kanggo ditandatangani Pak Karjo. Pak Karjo uga ngewehna kwitansi supaya ditandatangani pihak pegawe pembuat akta tanah mau.
Urus ukur-ukuran mau wis rampung, Pegawene banjur pamit, Pak Rt uga melu pamit. Pak RT banjur nuju ing kantor notaris kanggo jikot sertifikate, amarga dina iku langsung dadi.
Wektu wis ndungkap awan, nalika semana jam sewelas. Pak Karjo lan bojone mutusake lunga maring bank, arep nglunasi utang lan jikot sertifikat umahe. Ora krasa dheweke wis kelangan sawah. Tapi demi masa depan anake lan demi ngurangi beban keluargane, Pak Karjo lan Bu Ngadiyem rela lan ikhlas nglakukna segalane.
0 Responses

Posting Komentar