gurit

Lawang

Wisben menga
Wisben minep
Bareng angin kang dolan
Ing mangsa ketiga
Ing saben wektu kang liwat
Mesthi njamah lawang
Kelebu sliramu
Ngarep lawang
Saben nothog dadi siji
Rembulan mbuka wengi
Nyeluk aku
Ngarep lawang
Nalika menga
Mesthi dak temu dalane surya
Swarane endah
Mbuka wengi ing panyawangku
0 Responses

Posting Komentar