gurit

Melik Melek Melok

Dakjaluk sepuramu
Adhiku kang lagi nyandhang sungkawa
Aku teka ing sanggarep wadana
Ora amarga
Kowe tinggal donga
Kurang weweh
Polahmu kang ora kena
Angkuhmu  kang kukuh
Ananging amarga kasetyanku
Marang gusthi kang nitahake kowe
0 Responses

Posting Komentar