raden werkudara

Raden Werkudara
Werkudara iku putra Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi, kang nomer loro. Werkudara uga dadi panenggaking pandhawa. Nalika lair kabuntel bungkus, kebuntel ari-arine bayi.
Kaelokaning jagad, bayi kang isih bungkus iku pranyata madal sakathahing gegaman. Manut pamawase Begawan Abiyasa si jabang bayi bungkus supaya kasingkirake menyang Setra Gandamayit. Dene para sesepuh ngastina padha sarujuk. Sabanjure, jabang bayi bungkus kaleksanan dedunung ing alas. Bayi bungkus saya suwe saya gedhe. Yen ngglundhung ngiwa nanggor wit gedhe, wite apik sanalika. Yen ngglundhung natap watu, watune pecah ambyar sanalika.
Kedadeyan iki ndayani lan mrebawani nganti tumekaning kahyangan. Bathara Guru dawuh marang Bathara Narada supaya turun ing ngarcapada niti priksa anane gara-gara ing kahyangan. Tindake gegancangan enggala tekan alas Setra Gandamayit. Ing kono meruhi ono bayi bungkus glundhang-glundhung, ngiwo nengen nrajang apa bae ajur mumur tan mangga puliha. Bathara Narada dawuh Gajah Sena supaya mrawasa bungkus kuwi.
Bungkus ditujes nanggo gadhinge kang lincip mingis-mingis ora preduli dadine mengkono. Bareng gadhing tumancep, sakala bungkus pecah byak sigar dadi loro. Bebarengan karo pecahe bungkus, Gajah Sena sanalika musna.
Ora gantalan suwe mak jleg ana pawongan gung aluhur, godheg wok, simbar jaja anjenggereng ngedab-edabi, karop gereng-gereng swarane, gumleger nggegirisi. Kukune ing jempol tangan kekarone malihane gadhinge Gajah Sena kang sabanjure diarani kuku Pancanaka. Bathara Narada enggal nemoni lan manembarama marang pawongan gedhe dhuwur, paring andharan yen sing nulungi bungkus iya Hyang Narada jalaran dinuta Hyang Guru. Dene pawongan kaparingan jeneng Bratasena iya Werkudara, iya Bima Sena.
Bathara Narada banjur paring katrangan urut-urutaning lelakoning Bratasena. Durung rampung anggone paring dhawuh, gumrojog tanpa larapan, rawuhe Bathara Bayu sumusul Bathara Narada atur katrangan dinuta Hyang Guru angaku putra lan maringi piandel arupa aji marang Bratasena, kanga ran aji Katuglindhu. Dayane yen diwatek bisa mlaku banter banget pindhane angin. Gandheng wis diaku putra, mula Bratasena agu aran Bayuputra.
Durung rampung anggone imbal wacana dewa loro lan Bratasena, kasusul sowane kawula Ngastina kautus Prabu Pandhudewanata.
Sabanjure utusan kadhawuhan bali menyang Ngastina klaro ndherekake Bayuputra, dene dewa lelorone bakal kondur menyang Kahyangan.
Bratasena nerusake lakune. Satekane praja, dheweke kapapag para nayaka praja banjur kalarapake ngadhep Pandhu Dewanata. Tekane Bratasena ndadekake renaming Panggalihe Prabu Pandhu Dewanata.

Pretelan-pretelan ing ngisor iki bener opo salah
1.      Werkudara iku golongane Pandawa.                                                        (B/S)
2.      Werkudara iku putrane Raden Dewanata lan Dewi Jombowati.              (B/S)
3.      Werekudara iku putra nomer telu.                                                            (B/S)
4.      Werkudara iku satriya ing Jodhipati.                                                        (B/S)
5.      Werkudara nalika lair kebungkus godhong.                                             (B/S)
6.      Werkudara kasingkirake menyang alas.                                                    (B/S)
7.      Kukune Werkudara arane kuku Pancanaka.                                             (B/S)
8.      Seng nulungi bayi bungkus iku Bhatara Guru.                                         (B/S)
9.      Bratasena uga diarani Bhatara Indra.                                                       (B/S)
10.  Bayi bungkus ditujes Gajah Sena nganggo gadhinge.                              (B/S)
0 Responses

Posting Komentar