Purwoketo Kota Satria

Purwoketo Kota Satria

Purwokerto asale saka tembung Purwo yang artinya wiwitan atau asal mula, lan kerto kang artine kemakmuran, yen digabungake Purwokerto yaiku wiwitan kemakmur utawa asal mula kemakmuran (dalam Bahasa Indonesia). Ing tanggal 21-23 Februari 1861 kota Banyumas  kang dadi Ibukota Kabupaten Banyumas kena bencana banjir kang parah (Blabur Banyumas) disebabake mbludage banyu kali serayu. Bupati Banyumas ing wektu iku yaiku Raden Adipati Cokronegoro I kang jabat wit taun 1831. Ing perkembangan sateruse, Kabupaten Purwoketo diapus, digabungake kaliyan Kbupaten Banyumas, kang Ibukotane ing Purwokerto lan uga dadi Ibukota Karesidenan Banyumas ing taun 1936.   Diprakasani  Adipati Aryo Sujiman Gondosubroto (Bupati Banyumas II), pendopo “Si Panji” ing tanggal 5 Januari 1937 dipindah, asale ing Banyumas dipindah ing Purwokerto.
Simbol Satria kanggo slogan kota Purwokerto, diteliti sekang segi historis pancen wis akeh nglairake satria, awit zaman perjuangan utawa zaman pembangunan akhir-akhir iki. Pejuang kang asale Banyumas yaiku: Panglima Besar Jenderal Sudirman, Jendral gatot Subroto, dan Letjen Suprapto. Ing bidang kesehatan, kecatet Prof. Dr. Margono Sukaryo kang dadi ahli bedah pertama ing Indonesia. Saiki asmane didadekake dadi jeneng Rumah Sakit Umum Daerah (RSUD) ing Purwokerto. Ing bidang koperasi yaiku A. Wira Atmaja, patih Purwokerto ing jaman iku. K.H. Abu Dardiri dadi perintis ngadege Departemen Agama. Ing Perbangkan yaiku perintise uga wong Banyumas yaiku Margono Joyohadikusumo.
 SATRIA” dipilih dadi slogan utawa motto kang dirasa pas kanggo Kabupaten Banyumas kang Ibukotane ing Purwokerto, Satria ing kene ngandung 2 pengertian. Pertama, Satria yaiku singkatan Sejahtera, Adil, Tertib, Rapi, Indah dan Aman. Motto kang terkandung ing ungkapan Satria iki pas karo usaha-usaha pembangunan kang lagi lan terus dilangsungake pemerintah daerah. Peran Satria  kanggo motto, etos kerja kanggo aparat lan masyarakat uga dadi sasaran utawa arah pembangunan. Keloro, Satria duweni sifat masyarakat Banyumaskang  “cablak”. Artine Jujur, terbuka (terus terang), tulus ikhlas, duweni loyalitas, dedikasi kang duwur lan wani dadi watak kesatria. Sosok Bawor kang dadi tokoh wayang khas Banyumas dadi trade mark.
(Sumber: Babad Banyumas)


0 Responses

Posting Komentar