Atine
bungah
Wektu wis ndungkap sore, jarum jam wis nang angka telu.
Kaya dina-dina bisane Pak Karjo ngenteni anak wadone, Tini nang teras umahe.
Pak Karjo wis krasa lega, beban kang dipikirake krasa kurang siji. Beban kang
saben dina dipikir, ngasi ora doyan mangan, dela maning bakalan rampung. Gari mikirna
siji maning, biyaya kanggo mlebu Tini kuliah. Ananging Pak Karjo krasa mampu
nyediakna duwit kanggo biyaya kuliahe Tini.
Pak Karjo ngrasa saiki wektu kang tepat kanggo crita
kabeh maring anak bontote, Tini. Pak Karjo ngrasa siap, amarga masalah iku uga
wis nemu dalan tinemune. Dadi ora bakal nambahi beban pikirane Tini sing sedela
maning arep Ujian Nasional.
Jarum jam wis nang angka lima, langit nang sebelah lor
katon mendung banget. Pikirane Pak Karjo ora karuan, mikirna Tini mbok ngasi
kudanan. Amarga Tini nek mangkat sekolah ora tau gawa mantel. Atine was-was
mbok ngasi anake ora bisa bali, ngiub nang dalan terus digawa nang wong sing
ora dikenal.
Pikirane wis ora karuan, Pak Karjo mutusna nyusul Tini
maring sekolahe. Pak Karjo banjur mlebu kamar, ganti klambi lan pamitan karo
bojone. Bareng wis gutul ngarepan umah, lan arep ngetokna motor. Keprungu suara
motor, jebul Tini wis teka. Atine ngrasa bungah, Pak Karjo wis ora kuwatir
maning, amarga anak kesayangane Tini wis gutul umah.
“Koe sekang endi bae nduk? Bapak, ibu wis ketar-ketir,
ora biasane koe bali jam semene?” Pak Karjo takon karo anak kesayangane.
“Tini nembe kemawon les. Teras badhe wangsul teng
Patikraja ban motoripun bocor pak.” Wangsule Tini, karo jelasna marang bapake.
“Owalah, mbok ya SMS bapak utawa ibu disit, ben wong
nang umah kue ora kuwatir.”
“Pangaputenipun pak, batre HPnipun telas pak, dados
Tini boten saged SMS bapak kalian ibu.”
Tini wis krasa wedi banget, dheweke pancen salah
ananging pancen kahanane kaya mangkana. Saking wedine karo bapake, Tini wis ora
wani ndeleng maring arah Pak Karjo.
“Lah kie Tini wis bali pak, jere mau arep disusul.
Nyusule wis tekan ndi pak?” Saka dapur bu Ngadiyem teka karo gawa sapu, dheweke
pancen niat arep nyapu teras umah.
“Oya kie bu, Tini ws teka disit dadi bapak ora sida
nyusul. Kie lagi tek takoni kang ndi bae, jebul bane tes bocor terus jere Hpne
mati dadi ora bisa ngabari wong umah.”
“Owalah, ya wis pak mbok kon adus disit, kon ganti
disit, nembe tekan kok ya wis di introgasi kaya kue.” Jawabe Bu Ngadiyem karo
mbelani anak wadone.
“Iya wis nganah adus-adus disit, mengko bapak arep
ngomong karo koe.”
“Wonten napa nggih pak? Tini gadah salah napa nggih
pak?” takone Tini, dheweke krasa wedi banget.
“Wis pokoke koe adus disit nganah, nek wis rampung
mengo bapak arep ngomong. Koe ora due salah apa-apa.” Pak Karjo njelasna marang
anake sing wis keton keweden.
“Nggih pak, Tini bade teng kamar rumiyin.”
Nang atine Tini wis krasa deg-degan, dheweke wedi nek
diomahi nang bapak, ibune. Tini mlebu kamar, banjur adus. Senajan wis adus,
tapi pikirane esih wedi, atine deg-degan karo mikirna kesalahane apa, deneng
bapak, ibune kaya arep ngomong bab sing penting marang dheweke.
Sakwise adus dheweke mlaku maring teras umah, nang
kana wis ana bapak, ibune. Mlakune alon banget, pikirane isih ora karuan.
“Wis adus tin?? Takone Bu Ngadiyem karo lagi nglipeti
klambi nang risban ngarep umah.
“Nggih sampun bu.” Jawabe Tini karo ngendem rasa wedi.
“kene tin, jagong nang sebelahe bapak, bapak arep
ngomong.”
Krungu suwarane bapake, Tini krasa wedi banget.
Dheweke wis ora kuwasa madep bapake, mlaku bae katon nggawa karung sekwintal,
krasane abot banget.
“Kie bapak arep ngomong, jan-jane kawit nem wulan
kepungkur bapak ibumu ngumpetna masalah keluwarga sekang kowe tin. Bapak ibu
siki meh crita ming kowe, sebabe bapak ibu wis nemu dalane.”
Pikirane Tini saya ora karuan, dheweke tambah mikirna
sing ora-ora. Nganti dheweke mikir nek bapak ibune arep pisahan. Tini terus
mikir kepriwe nek pancen kue kabeh bener, raine meh disog endi, terus dheweke
arep melu sapa ne pancen bapak ibune arep pisahan.
“Crita babagan punapa nggih pak, bu? Napa Tini
salah?’’ Tini ngwanikna takon marang wong tuwane.
“Kaya kie tin, sedurunge usaha gulane bapak, ibumu
mandheg kan bapak duwe utang nang bang 100 juta, lah siki sisa utange gari
selawe juta. Merga nem wulan mandeg ora tau dibayar dadi kudu bayar bugane, ya
kira-kira sekitar patangpuluh lima jutaan lah.”
Tini diceritani kaya kue nang bapak, ibune krasa lara
ati banget. Tini mikir maning kepriwe bapak, ibune arep bayar utang semeno
akehe. Ngemuti bapak, ibune wis ora duwe usaha apa-apa, mung ngandelna
pensiunan lan hasil panen sing ora sepira.
“Lah ingkang dados jaminan napa pak?” Tini takon karo
mrebes mili.
“Sertifikat tanah umah kie tin, ananging kowe ora usah
kawatir. Bapak ibu wis nemu solusine. Bapak ibu arep ngadol sawah sing nang
sawangan.”
“Menapa boten wonten dalan sanes pak, bu? Menawi
ngadoli sawah nggih eman-eman pak, bu. Sawah menika ngasilaken, asile saged
kangge sekolah Tini, mangke menawi sawahipun dipun sade, Tini sekolahipun
kepripun pak bu?”
“Kie wis ora usah kawatir, bapak, ibu wis mikirna
gutul semono. Kebon-kebon pancen wis dadi hak-hake kowe lan mbakyu-mbakyumu.
Sing isih dadi celengane bapak ibumu ya mung sawah karo umah kie.” Jelase Pak
Karjo.
“Ya kan sawah sing nang Sawangan kan lewih cilik
timbang sing nang Kalisalak. Nek misal didol ya bapak, ibumu isih duwe
celengan. Sing penting hak-hakmu pada ora kegawa.”
“Pak, bu, Tini nggih dereng patosa butuh kebon manika
pak. Kenging menap mboten kebonipun Tini kemawon?”
“Hush kue pancen kanggo kowe, sangu sekang bapak,
ibumu. Wis ora usah diapak-apakna. Kie kan masalah bapak ibumu, dadi kowe ora
usah melu mumet.” Pak Karjo nambahi omongane Bu Ngadiyem.
“Boten napa pak, bu. Tini kan dereng butuh.”
“Wis dirungukna disit kie bapakmu arep ngomong. Kie
sawaah didol ora mung kanggo nyarutang, ananging kanggo daftar kowe kuliah. Wis
gari pirang sasi maning kowe kudu daftar kuliah, apa ya ora butuh duwit?”
jelase Pak Karjo maring Tini.
“Pak Tini boten usah kuliah nggih kenging, menawi Tini
kuliah, mangke Tini ngrepotaken bapak kalian ibu.”
“Tini kowe ngomong apa? Gedekna, didik, nyekolahna
kowe kie wis dadi kewwajibane bapak lan ibumu!” Pak Karjo rada emosi, dheweke
pancen kepengin banget Tini kuliah kaya mbajyu-mbakyune.
Tini wis ora wani jawab apa-apa maning, ndelengna
bapake wis ngendika mandan seru. Tini wis wedi banget, ora biasane bapake
ngomong seseru kaya mau.
“Wis tin, bapak ibumu kuwe wis mikirna apa sing apik
nggo kowe. Kabeh mau ya pancen urusane wong tuwa, bapak, ibu duwe utang nang
bank ya gara-gara bapak ibumu, udu gara-gara kowe. Pancen wis kewajibane bapak,
ibu ndidik, gedekna, lan nyekolahna kowe. Wis ora usah kawatir.” Bu Ngadiyem
ngewehi pengertian marang anake.
“Nggih pak bu. Kula nyuwun pangapunten.” Tini nyaute
karo rada ndekluk.
“Wis siki kewejibanmu mung sinau, ujian nilaine apik,
bisa mlebu perguruan tinggi negeri, banjur gawe wong tuamu bangga.” Pak Karjo
ngomongi anake karo nyumed rokoke.
“Nggih pak, Insyaallah Tini saged garap ujian lan
nilainipun ugi muasaken.” Sambunge Tini.
“Aja lali nduk, jaluk marang Gusti. Donga, diakehi
maing solat wengimu, lan diakehi maning puasamu. Ibu uga ora bakal kelalen
dongakna kowe, muasani kowe.” Bu Ngadiyem nambahi.
“Nggih bu, kula sampun sering solat ndalu, siyam
dinten senen, kemis. Nggih mugi Gusti kepareng ngijabahi donga-donga kula bu.”
Candake Tini.
Ora krasa adzan isa wis keprunggu, wengi kue
bener-bener istimewa kanggo keluargane Pak Karjo, jalaran apa sing dadi bebane
Pak Karjo wis ngurangi siji mbaka siji.
“Ayo pada salat disit terus mangan.” Pak Karjo ngajak
anak lan bojone karo mlaku mlebu umah.
“Ya pak, ibu tek masak disit, ibu lagi ora solat.
Mengko dadi bubar solat langsung pada bisa maem.” Bu Ngadiyem menyat lan mlebu
maring jero umah.
Atine Pak Karjo katon bunggah. Dheweke ngrasa beban
ing pundhake ilang, tapi Pak Karjo esih duwe beban siji, yaiku mikirna Sekolahe
Tini.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar