Adicara Penjamasan benda-benda kramat (jimat)

Adicara Penjamasan benda-benda kramat (jimat)
            Ing desa Kalisalak, kecamatan Kebasen, kabupaten Banyumas ana tradisi turun temurun saking nenek moyang kang dilestariake masyarakat desa Kalisalak, warga Kalisalak biasa ngarani tradisi iki “Jimatan”. Jimatan dianakake setahun pindho, yaiku sewektu menjelang Puasa (wulan Ramadhan), yaiku sesasi sadurunge puasa (wulan Ramadhan), taun iki dianakake ing tanggal 17 Juni. Wengine dianakake pagelaran wayang kulit, lan adicara pembukaan/ritual pembukaan. Esuke (tnggal 17 Juni) dianakake arak-arakan budaya, rutene yaiku star ing Bale Desa, muteri desa Kalisalak lan finish ing pasanggrahan jimat (gardu jimat). Sauwise dianakake arak-arakan diankake ritual persembahan utawi penghormatan dipimpin juru kunci, kepala desa Desa Kalisalak, lan sesepuh ing desa Kalisalak.
 Jimat dipercaya gawa dampak kanggo desa Kalisalak. Warga desa Kalisalak percaya yen saben taun ora dianakake adicara Jimatan, desa Kalisalak bakal ngalami masa paceklik.  Jimat sing ana yaiku keris, pari, kendil, kain mori, uang logam lan kertas, mas, tombak lan spiturutipun. Sawektu pembukaan jimat, jimat iku diitungi panambahan lan pangurangane, juru kunci ngartikake perubahan jimat kasebut. Yen kendhil isi banyu, diartikake desa Kalisalak ora bakal ngalami ketiga kang dawa, ananging yen kendil asat, warga desa Kalisalak percaya desa Kalisak bakal ngalami ketiga kang dawa. Pari yen ing keadaan basah, diartikake hasil panen Desa Kalisalak bakal berlimpah lan hasil panene apik, sebalike yen pari garing diartikake Desa Kalisalak bakal gagal panen. Kain mori yen tambah bakal akeh warga desa kalisalak mortalitase bakal nambah, sebalike yen morine kurang mortalitase bakal nambah.
 Jimat kang bisa dikumbah, dikumbah nggunakake kembang setaman utawa sering kasebut penjamasan. Sawise dikumbah lan dibersihi jimat kasebut dilebokake marang gardu maneh, lan kunci gardu diserahake kepala desa lan disimpen ing ruangan kebudayaan ing bale desa. Sawise penjamasan jimat rampung dianakake rituan penutupan lan grebeg tumpeng, lan awane ana pagelaran Ebeg Banyumasan. Wengine dianakake Pengajian ing Bale Desa.
0 Responses

Posting Komentar