deskripsi kethoprak

Kethoprak
            Kethoprak kalebet salah satunggaling kesenian rakyat  Jawa Tengah. Kethoprak sampun dados budaya masyarakat  Jawa Tengah lan saged ngasoraken kesenian sanesipun, kados Srandul kalian Emprak.
            Wonten ing kirang langkung tahun 1887 ketoprak sampun dipuniringi kendang, terbang lan suling. Pagelaran ketoprak ingkang komplit yaiku antawisipun taun 1909. Ketoprak ingkang sepisan ngontenaken pagelaran ing sangajengipun tiang kathah yaiku Kethoprak Wreksatama, dipriksani Ki Wisangkoro, sedaya paraga kakung, carios ingkang dipunbabaraken yaiku Warsa-Warsi, Kedhana-Khedini, Darma-Darmi, lan sapiturutipun.
            Jenis kethoprak yaiku : Kotekan Lesung, Kethoprak Lesung, Kethoprak gamelan, Ketoprak Panggung. Carios ingkang dipunpentasaken yaiku carios dongeng, rakyat, babad, legenda, lan sapiturutipun. Ageman ingkang dipunginakaken dipunjumbuhaken kalian carios. Basa ingkang dipunginakaken, basa Jawa nanging kedah ngangge unggah-ungguh basa. Kados ngoko, krama lugu, lan krama inggil.  Ketoprak wonten ewah-ewahipun, wujudipun dagelan kethoprak yaiku kethoprak humor wonten ing siaran radio lan tv.
           
0 Responses

Posting Komentar