sinopsis kethoprak

Lakon  Seluman Kalibrantas/ Banu Aji Ngratu
             Debyo Aji lan Banu Aji bakal dipateni amarga kekuasaane bakal direbut adine Adipati Dawangkoro, Dawengkolo ngutus 2 prajurit kanggo mateni Banu Aji kang wektu samana esih bayi, kang sakmengkone Banu Aji bakal dadi pewaris utama kerajaan tumapel. Ananging prajurit utusan Dawangkoro ora bisa mateni Banu Aji, nanging mateni Debyo Aji, nalika Debyo Aji tumeka ing pati, kerajaan tumapel dipasrahake Dawangkoro lan nitipake semah lan anake yaiku Banu Aji.
            Nalika dewi gendari masrahake dawangkoro dadi adipati agung ing tumapel,  gusti pati Haryaudara saka kerajaan kediri rawuh, penggalihe kaget mriksani kursi pakuwun ora dilungguhi sang Dibyo aji. Dawangkoro njaluk dewi gendari jelasake perkara iku, yen kakuwasaan ing tumapel saiki wis diserahake marang Dawangkoro.  dawangkoro wis dipasrahi Debyo Aji nyekel kekuasaan ing tumapel awit dheweke nylametake dibyo aji. Ananging Gusti patih Haryaudara duka amarga ngangkat dawangkoro dadi ratu ing tumapel ora disekseni para sesepuh ing kerajaan kediri.
            Harya udara ngendika yen kaya mangkana carane iku pada karo ngorak-arik tatanan kerajaan kediri, amarga tumapel iku esih ing ngisoring perintah kediri, pokok punjering pamerintah tumapel yaiku ing kediri. Yen pancen tumapel arep njumenengake ratu kudu jaluk restu marang kediri. Dawangkoro ngutusake yen tumapel wis pisah karo kediri, dheweke pengin yen kediri kang dadi bawahaning tumapel. Dawangkoro ngutus prajurut-prajurite ngancurake kediri, dheweke uga pengin dadi ratu ing kediri.
 Peperangan kedadeyan antara kerajaan Tumapel  lan Kediri. Dawaangkoro kalah ing paperangan kasebut, dheweke wis ora dianggap ing kerajaan Tumapel lan bali menyang umaeh nemuni bojone kang lagi ngandut gedhe. Dawangkoro ngudang prakara kang ora becik marang calon anake sawektu esih ing jero kandungan. Dawangkoro rela ngadol rasukan saka keraton kanggo tuku umah lan urip dheweke. Ora suwe saka baline Dawangkoro ing umah, semahe nglairake anake Dawangkoro yaiku Arya Birawa. Nalika Arya Birawa gede dheweke nuruni sifat eleke Dawangkoro yaiku seneng main, durhaka marang wong tuwa. Harta benda, donyane Dawangkoro ludes kanggo main Arya Birawa.
Banu Aji uga wis gedhe, dheweke penasaran marang bapake, banjur takon marang ibune Banu Aji, nanging ibune Banu Aji ora gelem nyeritaake. Nganti Banu Aji arep bunuh diri, teka pamane, pamane njelasake bapake dheweke yaiku ratu ing Tumapel yaiku Debyo Aji. Awit dina iku Banu Aji diangkat dadi ratu ing Tumapel.
0 Responses

Posting Komentar