Ing jaman mbiyen ning desa Kesesi ono wong sing
namane Ki Angeng Cempalung, Ki Ageng Cempalung iku kuwi petapa sing sakti
mandra guna. Ki Ageng Cempalung ya diarani pahlawan ning daerah kuwi, dewewke
duweni anak lanang sing arane Raden Joko Bahu utawa biasa diundang Bahureksa.
Kawit
cilik Bahureksa uwis katon cerdas banget soale bapakkane uwong sing sakti
banget, mula Bahureksa diajari lan digembleng terus karo bapakke supaya tetep
ileng karo Gusti Allah Ta’ala lan ajarane kuwi bisa ditularakake marang uwong-uwong
liya sing kurang ngibadahe. Bahureksa seneng banget bisa bagi ilmu sing
diajarake karo bapakke amarga saben ilmu sing duweni iku kudu diajarake karo
uwong sing durung ngerti opo maneh kuwi mesti oleh ganjaran ning akhirat. Ki
Ageng Cempalung kepingin mbesok nek uwis gedhe anakke dadi uwong sapik budi
luhure lan duweni sifat tanggung jawab marang tugas sing diwenehi sapa bae,
soale Ki Ageng Cempalung yakin mbesok anakke bakal dadi pemimpin sing kuat,
ampuh lan seneng tulung sedulur-sedulur ing dunya iki.
Kawit
cilik Raden Bahureksa dituntut lan diajari kon dadi uwong sing apik lan bener
mula Ki Ageng Cempalung ora tau kesel ngari Reden Bahureksa ben dadi uwong sing
tetep ning dalane Gusti Allah. Kawit cilik diajari ngibadah marang Gustine, ora
kena sing arane ninggal sholat limangwektu, Raden Bahureksa ya diajari ngaji
supaya pinter kadek teori santi seluk beluke Islam mula kuwi Raden Bahu donge
gedhe mesti dadi uwong sing apik lan bener.
Donge
Reden Bahureksa uwis gede Ki Ageng Cempalung ngakon ngabdi karo kerajaan
Mataram lan Ki Ageng Cempalung ngomong kaya ngene :
“ojo
urip mung ning ndeso otok soale ilmumu nek ning kene ora bakal bisa tambah yen
Raden Bahureksa ngabdi karo Mataram
mesti akeh ilmu sing bisa tambah akeh”.
Ning kono Raden Bahureksa bakal
oleh ilmu sing durung pernah diajarake karo bapakkane. Ki Ageng cempalung pesen
karo Raden Bahureksa nek uwis sukses ora kena sombong, atos, egois, kemaki opo
maneh gemedhe soale sifat kuwi sing baka dadekake wong Pemimpin rusak
sekabehane nek pemimpin uwis duweni sifat koyo kuwi mesti ora bakal kelingan
karo sing gawe urip. Raden Bahureksa tetep kelingan karo pesene bapakke apa
maneh karo apa sing dikarepake karo Ki Ageng Cempalung kuwi bakal dilakoni
bejane akeh rintangan sing bakal ngalangi jalane tugas mau kuwi. Raden
Babureksa ngomong karo bapakane kaya ngene :
“nggih
bapa aku bakal jalanake nganti rampung kaya apa sing dikarepake karo bapa
kanggo ngabdi menyang kerajaan Mataram”
Lebar
kuwi Reden Bahureksa pamitan lunga ning Mataram karo Ki Ageng Cempalung,
delokke bapakane Raden Bahureksa kuwatir yen bapakane lara ora ana sing
ngusursi soale bapakane uwis tuwa, sering lara-laranan. Sak durunge mangkat
Raden Bahureksa donga jaluk karo Gusti Allah muga perjalananne lancar lan bisa
sukses ngalakoni tugas sing diwenehi marang bapakane. Samben langkahe Raden
Bahureksa wiritan lan dzikir marang Gusti Allah ben apik sekabehane kadek jero
atine krendek yen deweke bakal terus iling lan ngibadah seumur uripe marang
Gusti Allah.
RadenBahureksa
pas ningatin eterus-terusan mikir yen deweke ora bisa ngerampungake apa sing
dikarepake karo bapakane, nanging deweke terus-terus wiridan lan donga marang
Gusti Allah ben tugase mau rampung kantiapik. Nek samben Raden Bahureksa
kilingan karo bapakane deweke mesti yakin yen deweke mesti bakal bisa dadi
uwong sing dikarepake karo bapakane mau. Saking sayange karo Ki Ageng Cempalung
apa bae sing dikarepake mesti dilakoni karo Raden Bahureksa amarga Ki Ageng
Cempalung kuwi siji-sijine wong tua sing diduweni karo Raden Bahureksa.
Pas
tekan Mataram jebule ijek ono acara pasewakan, patih karo mentri-mentrine kabeh
lagi ngadep Sultan Agung soale ijek bahas nerusake bendungan kali Sambong sing
uwis suwi ora dadi-dadi. Letakke kali Sambong kuwi ning daerah Batang kotane,
soale uwis akeh ngentekke biaya kanggo bangun sak liyane kuwi ya akeh korban
sing mati. Krungu kabar kuwi Raden Bahureksa langsung ngadep Sultan Agung.
Terus
Raden Bahureksa ngmong karo Sultan Agung yen dewekke kuwi anakke Ki Ageng
Cemalung lan dikongkon karo bapakke ngabdi karo Mataram. Sultan Ageng nerima
apik tekane Raden Bahureksa amarga Ki Agung Cempalung kuwi kancene. Nanging
Sultan Agung ngenehi syarat karo Raden Bahureksa, syarate kuwi kon nerusake
gawe bendungan kali Sambong mau. Raden Bahureksa seneng bisa diwenehi
kesempatan lan dipercaya kanggo nerusake bangun kali Sambong karo Sultan Agung.
Lebar kuwi Raden Bahureksa karo pasukane mangkat ming kali Sambong kanggo
nerusake kali sing durung dadi mau, pasukan sing digawa ya seanane.
Sakwise
tekan kali Sambong mara-mara banjir bandhang gedhe banget padahal ora ana udan,
angin, opo gluduk. Weruh kedadian kuwi Raden bahureksa langsung dongan jaluk
marang Gusti Allah lan tapa ben tugas iki kelar kanti apik. Pas ijek tapa Reden
Bahureksa digoho karo ulo raksasa sing gedhe banget, Raden bahureksa diserang
karo ulo gedhe mau, Raden Bahu langsung minggir ben ulo mau ora ngoyok deweke
naning ulo gedhe mau tetep ngoyok lan nyerang Reden bahureksa.
Pas
wektu kuwi mara-mara metu akeh banget lan langsung nyerang pasukane sing digawa
Raden Bahureksa dadi perang sengit lan medeni amarga padapada sekti ne. Akhire
ulo gede mau bisa dikalahake karo Reden Bahureksa, Raja Ulo jaluk diapuni karo
Raden Bahureksa lan jaluk deweke aja dipateni. Raden Bahureksa ngomong ora
bakal dipateni naning ulo mau dijanjeni karo Raden Bahureksa dikon ngerewangi
gawe bendungan Kali sambong tapi dike’i wektu sing sedela kanggo ngerampungake
gawe kali mau. Ulo gedhe mau akhire gelem manut karo yarat sing diwehi karo
Raden Bahureksa.Ulo gedhe mau janji karo Raden Bahureksa yen deweke bakal
ngabdi lan ngerewangi gawe bendungan kali Sambong nganggo wekstu sing sedelok.
Lebar
kuwi Raden Bahureksa karo prajurite pamitan karo ulo raksasa lan prajurite
pamit bali ming Mataram kanggo laporan karo baginda Sultan Agung. Krungu kabar
kuwi baginda Raja seneng banget lan ngerasa legar amarga bendungan sing uwis
suwi dibangun mau akhire uwis dirampungake karo raden bahureksa ning wektu sing
singkat.
Tugas
gawe kali Sambong mau uwis rampung sempurna lan hasile apik banget, nangis
tugase Raden Bahureksa ora tekan kuwi otok ijek akeh tugas-tugas liyane sing
perlu dirampungake karo Raden bahureksa. Ning kunu Raden Bahureksa dijuluki
karo warga lan uwong-uwong sing ana ning kerajaan pahlawan, mula kuwi baginda
Raja percaya yen tugas-tugas sing diwenehi bakalan rampung kanthi apik. Baginda
Raja ngenehi tugas maning sing kudu dilakoni karo Raden Bahureksa tugas mau
luwi abot ketimbang tugas sing wingi.
Tugas
sing diwenehi baginda Raja yaiku juguk putri sing ana ning desa Kali Salak,
daerah iki isih ning kawasan batang. Putri mau jenenge Rantamsari, putri kuwi
bakal didadekake bojone Sultan Agung. Akhire Raden bahureksa manut karo tugas
sing diwenehi karo baginda Raja mau, Raden Bahureksa marani putri mau ning desa
Kalo Salak.
Atine
Raden Bahureksa ora kepenak kawit sekan Mataram, deweke wedi yen tugas iki ora rampung
kanthi apik. Nanging deweke percaya yen tugas iki bakal rampung meski asline ora
patiyo apik sing penting tugas iki rampung lan baginda Raja Sultan Agung bisa seneng
amarga Raden Bahureksa bisa ngerampungake tugas-tugas sing diwenehi.
Pas
tekan desa Kali Salak Raden Bahureksa durung ngerti letak omahe nang ngendi,
akhire Raden Bahureksa takon karo salah sijine warga sing nang kono. Mangkliye
warga mau nguduhake lan sisan diterake ning omahe Rantamsari. Rantamsari kuwi
bocah wadon kadi keluarga sing sederhana, ning desane deweke dijuluki kembang
desa amarga pancen sedesa kuwi paling ayu dewe. Pas tekan ning Omahe
Rantamsari, deweke wegah yen dikon dadi bojone Sultan Agung amarga Rantamsari
ora seneng karo baginda Raja. Rantamsari ngomong yen deweke geleme dikon bojo
karo Raden Bahureksa udu karo baginda Raja.
Raden
Bahureksa atine terenyuh weruh tatapane Rantamsari sing suci lan tulus tresna
karo deweke, tatapane mau landep nyenggol atine Raden Bahureksa. Rasa ning jero
atine Raden Bahureksa banget ora karuane yen weruh tatapane Rantamsari, tapi
Raden Bahureksa ngerasa dosa banget yen rasa iki tetep dijalanake. Saking ora
kuasane Reden Bahureksa ya ngerasakake pada-pada tresna karo Rantamsari,
nanging deweke sadar yen iki tugas sing kudu dilakokake menyang deweke kanggo
pengabdiane karo baginda Raja mataram lan iling nek Rantamsari bakal didadekake
bojone baginda Raja Sultan Agung.
Rantamsari
tetep ora gelem yen didadekake bojone baginda Raja, Rantamsari ngomong karo
Raden Bahureksa yen ning desa Sebrang ana putri sing banget ayune ngeluwihi
deweke. Letak desa mau yaiku ning desa Kali Beluk. Putri sing ayune
moblong-moblong mau jenenge Endang Wuranti anake ibu sing dodolan srabi, deweke
yakin yen Endang Wuranti mesti bakal gelem yen didadekake bojone baginda Raja
Sultan Agung. Akhire Raden Bahureksa manut karo omongane Rantamsari mau, deweke
mangkat ming desa Kali Beluk kanggo mabak putri Endang Wuranti sing jare ayu banget
ngungkuli ayune Rantamsari.
Lebar
kuwi Raden Bahureksa langsung mangkat ming desa Kali Beluk kanggo nemoni sing
jenenge Endang Wurati, pas tekan desa kuwi Raden Bahureksa ngluru omahe ora
kacek suwi omahe Endang Wurati mau ketemu. Donge ketemu Raden Bahureksa ngomong
karo Endang Wurati alus-alusan ben deweke gelem dijak ming Mataram kanggo
didadekake bojone baginda Raja Sultan Agung.
Raden
Bahureksa terus bujuk Endang Wurati supaya gelem kawin karo baginda Raka,
amarga Raden Bahureksa pinter bujuk lan nganggo bahasa sing alus mangkliye
Endang Wurati gelem dijang ming Mataram kanggo didadekake bojo karo baginda
Raja. Nek uwis Endang Wurati pamitan karo ibune jaluk dongo restu marang ibune
mau, ibune setengahe ora setuju yen anakke arep didadekake bojone baginda Raja.
Tapi suwi-suwi ibune ngijinake amarga sing dikarepake ibune mau ben anakke urip
seneng tan serba keturutan, amarga kawit cilik uripe serba pas-pasnan malahan
kadang kekurangan mula kuwi ibune mau ngijinake ben apa sing dipingini anakke
mau keterutan.
Raden
Bahureksa akhire bisa gawa Endang Wurati ming Mataram, pas tekan Mataram Radeb
bahureksa langsung ngadep karo baginda Raja Sultan Agung ngomong yen deweke
uwis bisa gawa putri sing ayu kadek desa Kali Salak mau. Pas weruh baginda Raja
kaget lan setengahe jengkel nanging disempen ning jero ati otok ora diomongke
karo sapa-sapa. Baginda Raja reti yen Raden Bahureksa ngapusi amarga sing
didelok kuwi wajahe putri kuwi beda karo sing dikarepake marang baginda Raja.
Deweke
mung mikir sing penting tugas iki rampung, sing digawa kuwi sing asli udu
Rantamsari namung ning jero atine Raden Bahureksa sing penting baginda Raja ora
ngerti. Nanging baginda raja curiga lan etok-etok ora ngerti, nek uwis baginda
Raja takon karo putri mau tapi ora bisa mangsuli apa sing ditakonake karo
baginda Raja. Jane baginda Raja jengkel banget lan arep ngamuk amarga uwis
diapusi karo Raden Bahureksa lan rasane kuwi gela banget amarga putri sing
dikarepake dudu kuwi nanging deweke bakal isin karo uwong-uwong se sisi Keraton,
mangkliye deweke duwe rencana kanggo balas dendang karo Raden Bahureksa nganggo
cara sing licik lan alus ben Raden Bahureksa ora curiga karo rencana sing
digawe karo Baginda Raja.
Reden
Bahureksa mangkliye diwenehi tugas maning karo baginda Raja Sultan Agung kanggo
bukak Wana Gambiran, amarga deweke uwis duwe rencana arep balas dendam karo
Raden Bahureksa nganggo cara sing alus. Baginda Raja ngomong karo raden
Bahureksa ben deweke bisa buka Wana Gambiran mau yen bisa suskes ana opah sing
bakal diterima karo Raden Bahureksa. Tujuane tugas kuwi yaiku ben Raden
Rahureksa mati dadi santapane kewan-kewan liar sing gede kaya raksasa.
Baginda
Raja Sultan Agung kuwi pancen sifate
licik nanging Raden bahureksa ora reti kelicikane baginda Raja mau. Deweeke
tetep bae percaya lan ngormati baginda Raja amarga deweke kuwi mung rakyat
biasa. Deweke ya kilingan yen baginda Raja kuwi kenal karo bapakane lan deweke
ya uwis diamanati karo bapakane, mula kuwi deweke kudu terus kilingan karo
kekarepane bapakane kuwi mau lan janji ora bakal klalen karo apa sing diomongke
karo bapakane mau sing penting kuwi tugas iki bisa dilakoni kanti apik.
Wana
Gambiran yaiki alas isine wit-witan sing runggute nemen tur akeh singit akeh
setane, siluman soale gon iki terkenal paling diwedeni karo uwong-uwong dadi
ning jero lasa iki ora ono manungso sing nunggoni. Raden Baureksa ora merduli
karo awake dewe pak kuwi ana bahaya, anan udan bledek pa kana apabae tetep
deweke ora perdeli sama sekali amarga sing dipikirke deweke ya tugas sing
diwenenhi karo baginda Raja Sultan Agung rampung kanti apik.
Pas
mbengi sak durunge Raden Bahureksa sak uwise para prajurit sing disiapake sing
arep dijak kanggo ngerewang Raden Bahureksa mangkat jalanake tugas sing
dewenehi karo baginda Raja, Raden Bahureksa kepikiran banget kepiye carane buka
Wana Gambiran mau? Deweke wedi yen tugase mau gagal, tapi Raden Bahureksa tetep
usaha ben bisa buka Wana Gembiran mau kanti hasil sing apik kaya apa sing
dikarepake baginda Raja. pas lagi kepikiran kaya kuwi mara-mara bapake utawa Ki
Ageng Cempalung teka marani Raden Bakureksa. Ki
AgengCempalungngomongkaroRadenBahureksa kaya ngene :
“anakku
ngandela yen kowe bakal bisa bukak Wana Gambiran mau, dongo marang Gusti jaluk pitulung
ben tugas sing mok lakoni kuwi bisa rampung apik”
Ki
Ageng Cempalung ngomong karo Raden Bahureksa yen tugas kanggo bukak Wana
Gembiran kuwi tugas sing mulia, pancen tugas kuwi ora gampang nanging Raden
bahureksa kudu tetenanan yen garap tugas sing diwenehi karo baginda Raja Sultan
Agung. mula kuwi Raden Bahureksa kudu ngelakonine kanti ikhlas lan tetenanan
ben hasil sing bakal diolehke kuwi apik lan sempurna. Tugas mau kuwi bisa di
wenehke karo Raden Bahureksa amarga baginda Raja Sultan Agung kuwi percaya yen
deweke kuwi percaya karo kabeh sing ana ning Mataram mau. Tugas mau kudu
bener-bener rampung kanti apik amarga yen tugas mau rampunge ora apik Ki Ageng
cempalung bakalan isin karo baginda Raja Sultan Agung lan uwong-uwong seisin
Maratam.
Ki
Ageng Cempalung ya ngongkon yen Raden Bahureksa kon ngelakoni tapa ning ngisor uwit gorda ben apa sing arep
dilakokake bakalan lancar kanti mulus. Lebar dipeseni karo Ki Ageng Cempalung
deweke manut amarga dongane kadek bapakane kuwi mesti bakalan ana hikmah lan
hal sing bisa didadekake pangalaman kanggo deweke.
Pas kuwi deweke gawe
kapal gede utawa armada kapal gede mau dinggo nyerang pasukan VOC sing maune
ana ning Batavia. Perang mau rusuh banget lan pasukan kadek Raden Bahureksa
akeh sing gugur amarga kalah deweke mutuske kanggo ngelakoni tapa maning. Ora kacek
suwe Raden Bahureksa mangkat kanggo ngelakoni tapa ning ngisor uwit gardu,
tapane mau dirani tapa ngalong. Tapa ngalong yaiku tapane sing dilakoni ning
nduwur uwi-uwitan sikile ning duwur lan sirahe ning ngisor kaya ibarate kewan
kalong utawa sing diarani lawa.
Wana
Gambiran nganti saiki izek bae singit, walaupun Raden bahureksa uwis bisa ngalahake
kewan-kewan buas mau tapi daerah kuwi tetep bae ora bisa ilang kadek daerah kuwi
amarga kono uwis panggonane. Buayaputih sing nang kono ya pada bae ora bisa ilang
amarga kali Gambiran mau uwis panggonane kawit mbiyen jaman perang Belanda.
Kali Gambiran maune yen kaline sat utawa garing kadek kaline kuwi katok kuburan-kuburan
uwong jaman mbiyen sing dadekake kali kuwi dadi singit akeh bangsa jim, siluman
karo kewan buas sing mangsa lan ganggu menungsa.
Ora
ana uwong utawa sapa bae sing bisa ganggu Raden Bahureksa sing lagi tapa
kecuali Tan Kwie Jan yaiku uwong kadek kaerajaan mataram sing diutus marang
baginda Raja Sultan Agung. Tan Kwie Jan kuwi diutus karo baginda Raja Sultan
Agung kanggo nyampekake amanat karo Raden Bahureksa sing lagi ngerampungake
tugas kanggo nyerang VOC lan babat daerah ning Gambiran.
Daerah
iki isinge mung uwit-uwitan sing runggut karo kewan-kewan sangar sing mangane
daging manungsa, ning daerah iki ora ana manungsa sing urip babar blas amarga
daerah iki terkenal singit banget yen ana manungsa sing teka mingkono manungsa
kuwi mesti ora bakal bisa mulih maneh amarga dipangan karo kewan buas sing ana
nang kono mau kuwi.
Sing
asli Raden Bahureksa uwis kuwalahan garap tugas sing diwenehi karo baginda Raja
Sultan Agung nanging deweke kudu tetep jalanake amarga deweke uwis janji marang
bapakane kanggo ngabdi karo kerajaan Mataram. Kaya ngapa angele tugas sing
diwenehi baginda Raja Sultan Agung deweke kudu bisa ngatasi apa maneh tugas iki
tugas sing mulia lan bisa gawa para warga seneng lan bangga. Raden Bahureksa uwis
dijulukin karo warga sekitar kuwi pahlawan ning daerah sekitar Mataram nanging deweke
selalu iling karo apa sing diomongke karo bapakane marang deweke.
Walaupun
deweke uwis bisa dadi apa sing dikarepake karo bapakane deweke ora gelem sing
namane gemede sombong apa maneh atos, amarga sifat kuwi bakalan ngerusak pikiran
lan tindak lampahe Raden Bahureksa. Deweke kepingin yen daerah sekitar Mataram kuwi
bisa tenterem lan wargane bisa urip kepenak ora kaya saiki sing terus dijajah karo
kompeni sing jajah ning daerah Batavia karo sak dawane laut sisih lor.
Pas
lagi tapa maneh Raden Bahureksa digodha karo Siti Khodijah utowo sing biasa
diarani Dewi Lanjar karo para prajurite,
Dewi Lanjar iku ratu kang ayu sing jaga kawasan laut lor. Dewi Lanjar kuwi sing
asli putri sing ayune moblong-moblong mau kuwi anake Sang Adipati, deweke arep
dojodohake karo uwong lanang pilihane ramane nanging ora gelem terus mlayu ming
laut elor njegor nek uwis dadi kuwi sing arane Dewi Lanjar.
Dewi
lanjar iku asline sifate apik nanging anggepana para warga yen Dewi Lanjar kuwi
seneng ngenehi pesugihan karo uwong sing jaluk rejeki maring deweke. Nanging pemikirane
uwong mau salah sing asli Dewi Lanjar kuwi ya menungsa biasa kaya dewe nanging
omongan-omongane wpara warga mau sing dadekake nama Dewi Lanjar kuwi elek.
Dewi
lanjar sing wujude ulo mau ngalor ngidul ngetan ngulon ngiteri Raden Bahureksa.
Deweke mau tetep goda Raden Bahureksa nanging Raden Bahureksa tahan goda kadek
Dewi Lanjar mau. RadenBahureksa tapa ne kaya kalong pas
turuyaikusilikningnduwursiraheningngisor.Amarga ana pedang sing jaga Raden
Bahureksa, dokokke pedang mau yaiku ning jero wetenge Raden Bahureksa. Dewi Lanjar mau tetep bae
goda Raden Bahureksa
nanging Raden bahu ora tiba opo maneh awake obah. Pas pedange mau tiba nek uwis
Dewi Lanjar mau kalah lan tunduk karo Raden Bahureksa.
Sak
uwise raja Dewi Lanjar mau kalah, deweke mau ngomong karo Raden bahureksa yen
wana Gambiran mau uwis isa dibuka lan bakal gelem kawin karo Raden Bahureksa
kanggo nggenepi syarat sing diwenenhi mau. Weruh Dewi Lanjar lan pasukane
nggero-nggero kelaranen Raden bahureksa ngerampungake tapane mau, Raden
baureksa melas weruh Dewi Lanjar mau kelaranen mangkliye Dewi Lanjar arep di
bebasake nganggo syarat gelem bukak Waana gambiran mau. Jebul Dewi Lanjar kuwi
utusane Nyai Roro Kidul, amarga Dewi Lanjar mau kalah deweke mangkliye mutuske
ora bali ning segara kidul maneh nek uwis Dewi Lanjar jaluk ijin karo Raden
Bahureksa ben deweke bisa tetep tinggal ning wilayah iki yaiki ning wilayah
laut lor utawa dadai penguasane laut lor.
Akhire
Raden Bahureksa setuju, deweke ya ijin maring Nyai Ratu Roro Kidul ya pada bae
disetujui, mangkliye deweke tinggal ning laut lor mau. Ning jero laut lor kuwi
ana kerajaan utawa semacem keraton sing tembuse ning kali slamaran sing letake
mau pedek karo pantai slamaran, kaline mau malune mili ngalor langsung tembuse
pantai Slamaran. gara-gara kejadian mau daerah sing uwis bisa apik dibabat karo
Raden Bahureksa mau diarani daerah PEKALONGAN.
Sak uwise kerajaan
Mataram runtuk Raden Bahureksa ilang kadek daerah kuwi, nanging Raden Bahureksa
kuwi uwis ninggali kabebasan koka Pekalongan saka siluman lan saka penjajahan
para Belanda sing mbiyen nguwasani ning daerah pesisir segara lor. Nanging para
siluman mau iku balik maneh marang daerah kui mau merga Raden Bahureksa wis
ninggal. Nganti saiki daerah iku terkenal karo sejarahe tapa kalong sing Raden
Bahureksa lakoni, lan angkere merga akeh para siluman sing balik menyang
pangginan kui mau.
Ning daerah kuwi
ya akeh kewan lwa utawa kalong, ning daerah Pekalongan nganti saiki terkenal
karo sing batike karo panganan khase kuwi yaiku megono, pindang tetel, garang
asem karo panganan liyane. Maune kalong-kalong kuwi akeh banget ning Pekalongan
tapi saiki kalong-kalong uwis langka amarga uwis diburuni karo menungsa sing
ana ning daerah kuwi mau.
Kalong-kalong mau
izek akeh yaiku ning ngisor jembatan kali Gambiran karo kali Loji sing tembuse
tekan segara lor. Kalong-kalong mau gede-gede seje karo kalong kalong sing
biasa amarga kalong-kalong kuwi jarene para warga izek ana sing jelma siluman
kalong, amarga siluman kalong mau duweni tugas kanggo jaga kota Pekalongan.
Ing sawijining
desa ing Pekalongan ana desa sing arane Lolong.Ning kana ana kali sing
tembusane langsung marang laut kidul panggonane Nyai Roro Kidul lan marang laut
Lor panggonane Dewi Lanjar, amarga Nyai Roro Kidul lan Dewi Lanjar dikisahke
izek due ikatan sedulur. Ing kali kono kaya-kaya panggonan kanggo pertemuan
utawa pusat jalur sing arep marang Kraton Segara Kidul utawa Kraton segara Lor.
Nanging awit jaman
tambah maju, sejarah kota Pekalongan sing dibebasake saka para siluman lan penjajahan
para Belanda iku akeh pada ora dijabani marang kaum-kaum enom Pekalongan. Saiki
sing akeh dingertini marang kaum-kaum enom Pekalongan
nanging
angkere
laut-laut
ning
pesisir
lor.
DewiLanjar sing dadi panguasane Laut Lor diarani seneng golet tumbal
saka
manungsa
sing njaluk pesugihan marang Laut Lor.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar