Kosmologi
dan Kosmogoni Novel Timbreng
Anggitan
Satim Kadarjono
1.1
Percintaan
antara Darno dann Tarmi
Darno adalah salah satu pasukan TNI
yang ikut berperang melawan belanda, dia adalah ajudan yang sangat tunduk
kepada Komandhannya yang bernama Pak Royo. Darno kemana-mana ditugaskan bersama
Herman. Bisa dikatakan dimana ada Darno disitulah ada Herman. Hal tersebut
dapat dibuktikan dalam kutipan berikut ini:
Darno banjur
nyeritakake kahanane Pak Royo, komandhane, nalika dipamiti. Manut pamawase
Darno, ulat tangkep, sarta omongane Pak Royo kang wis setengah umur, beda karo
adat saben. Olehe omong dadak ana kedele barang, ana tetembungan kang ora bisa
di ucapke klawan teteh kaya gak mentala lho, tugas gak entheng iki dak
percayakake marang kowe sakloron. Lha priye, umurmu isih likuran, durung duwe
pengalaman kanggo tugas kaya ngono. Pengalamanmu kang akeh rak sekolah, dolan
lan sir-siran. Iya ta? Olehku saya krasa abot ngeculake kowe cah loro iki, lha
priye alat-alat kang mung kaya ngono wujude kok arep dienggo ngrangsang
bebentengan mungsuh Landa, kang gegamane sarwa luwih apik lan jangkep tinimbang
awake dhewe. Apa kowe wis bisa tenan nggunakake granat ngono iku! (halaman
3)
Gegambarane Pak
Royo nalika nangis mingsek-mingsek sawise bola-bali wanti-wanti, supaya
ngati-ati, prayotna, aja nyleweng, slewemgan, kaya bali gumawang cetha ana ing
angen-angene Sarno. Kahanan ing sakiwa tengene sepi, kemrosaking kali Madiun,
keprungune saka papan pandhelikane Darno mau, kari lamat-lamat. Mung atine
Darno kang ora sepi. (Halaman 6)
Darno menyukai seorang gadis yang
bernama Tarmi, hal ini terdapat dalam kutipan sebagai beriut:
Omahe Tarmi dapur
limasan, dumadi saka omah ngarep lan mburi. Omah mburi mung dipadangi lampu
teploktemplek. Darno lan Tarmi olehe mbacutake jagongan ana ing omah ngarep.
Saiki olehe ramah tamah sinambi mamah jajan awujud gedhang goreng, tela goreng,
lan banyu teh. Rehne, wis dhek awan olehe nggoreng sarta ngodhog, dadi kabeh
iya mung sarwa anyep-anyepan, ditambah hawa saka njaba kang lumebu omah katut
ing sumiliring angin, uga adhem. Ning, rasane dadi malih anget, nyamleng,
bareng olehe nggayang sinambi gojeg, cablek-cablekan, jiwit-jiwitan tanpa saru
siku, awit kang ana jero omah iya mung wong loro, ora ana liyane. Apa maneh
bareng olehe rembugan nyandak bab: katresnan. Jare Darno katresnan iku sabar,
loman, ora kemeren, ora gumunggung, ora kementhus, ora gampang nesu, ora golek
enak kepenak dhewe...! Tarmi Sumela takon : “Katresnan iku: nyiweli, njiwiti,
nyableki, nggremeti, nggrayahi, napa nggih ngaten, mas?” Darno nggeret kursine,
nagangseg, supaya luwih cedhak maneh karo Tarmi, njur wangsulan, Dhik Tarmi iki
sok nganyelake!” (halaman 10)
1.2
Mengungsi
Ketika Terjadi Peperangan
Karena serangan dari Belanda semakin
gencar maka warga ngawi, khususnya desa yang ditempati oleh tarmi yaitu desa
Ketanggi, semua warganya harus mengungsi. Hal ini dapat dibuktikan dalam
kutipan sebagai berikut:
Senajan sunare
teplok ing senthong mau mung remeng-remeng, ning Herman isih bisa nyumurupi
klawan cetha, sesawangan nalika dhadhane Tarmi katon kerep munggah mudhun, awut
ambegane kang ngangsur-angsur, herman pancen wis kerep nyumurupi sesawangan
kang kaya mangkana. Mula bareng weruh tenan nyatane, senajan ana ing swasana
wengi kag kebak bebaya, dhadhane Herman uga melu luwih cepet olehe munggah
mudhun, ora mung jalaran rasa was lan kuwatir, ning uga dimbuhi ati kang
kumrengsep panas, mbrengengeng kaya kumang kang kepengin nyesep sarining
kembang. Ana swara tembakan ambal-ambalan njalari tanpa kendali Herman lan
Tarmi padha gapyuk rerangkulan klawan keket, lan sangsaya keket, nganti olehe
lungguh ing lambene dhipan kelpesed mangisor, tumiba ing jubin plesteran omah,
awit saka ati kang was lan ngadhep yen nganti ketungkrup ing mungsuh. Lelorone,
nalika iku, ing sajroning angen-angen, kaya padha nggambarake, “Gek kepiye
bakal dadine, yen nganti kecekel patroli?” (halaman 48)
Tarmi sarta ibune
kang nalika iku olehe mlaku dipapah karo adhine, ora ana kang cumuwit. Sirahe
kebak gagasan werna-werna. Ibune kang digagas ora akeh kang diperpuji sarta
disesuwun ora ana liya kajaba supaya anak lelorone tansah nemuni slamet. Dene
tumrap awake dhewe, apa sakira isih bakal bisa menangi dina sesukkang padhang
ana ing kahanan kang sarwa beda karo kang dialami ing saben dinane, babar pisan
ora pinikir. Mung atine Herman, kang dadi cucuking laku nicil surak-surak
gembira jalaran rumangsa antuk kemenangan sarta bakal oleh dalan kang luwih
padhang maneh olehe arep nelukake atine Tarmi. Pikirane Tlakah, ora beda karo
Tarmi, kang akeh marang Darno, kang nalika iku isih durung disumurupi kahanane
kang maton. Isih urip, apa wis dadi rabuking kamardikan. (halaman 61)
Wiwit dina iku Tarmi, ibune apadhene
Talkah rumangsa bisa luwih longgar olehe ambegan, senajan hawane kerep campur karo
gandane tlethong kebo, ning ora kerep seseg kaya nalika isih urip ana ing
kutha. Kabeh kebutuhan saben dina: mangan, ngombe, dalah salin, (penganggo),
awit nalika semana olehe budhal ngungsi ora kober nggawa apa-apa, uga salin,
ditanggung sarta dicukupi dening desa klawan gotong royong.
(halaman 63-64)
2.1 Latar
Belakang Pengarang
Satim Kaddarjono menceritakan novel
Timbreng ini dalam permainan bahasa yang indah. Cerita ini terjadi pada tahun
1949, ketika bangsa Indonesia sedang berjuang membela dan melawan Belanda yang
masih ingin menjajah Indonesia kembali.
Walaupun sudah lama terjadinya,
hanya tersisa pengalaman hidup yang menjadi tokoh utama, namun tetapi akan
tetap seperti baru. Karena pembawaan cerita yang disampaikan oleh Satim
Kadarjono ini sangat menarik dan membuat minat para pembacanya.
Penulis dalam memberikan judul bukan
tanpa alasan karena memang pada masa itu memang akan memasuki masa Timbreng,
kemudian berdasarkan cerita yang diperoleh dari nara sumber, maka penulis
memberikan judul Timbreng.
Pengarang menceritakan kejadian yang
terjadi adalah dipinggiran kota Ngawi, Madiun dan sekitarnya. Hal tersebut
dapat dibuktikan dalam kutipan sebagai berikut:
Swara kang kaya
mangkono mau bareng saya kerep selang-seling karo swara kemrutuge bedhil mesin
kaya kerikil lagi disok saka truk, lan uga kala-kala swara jumlegur lan
kumandange njur kaya rerambatan ing langit, (bisa uga iku swara panjebluging
bom pendhem saka kadoha), njalari hawa kang atis dadi saya atis. Barongan pring
ori kang ambajeng ing sakiwa tengening kali Madiun, uga katon melu nglentruk.
Mung, swara ilining kali Madiun, kang banyune nalika iku peres nganti bola-bali
ndilati bongkoting barong pring, tansah kemproyak tanpa mandheg. Uwere
uber-uberan, warnaning banyune kuning semu soklat reged. (halaman 1)
Selanjutnya latar tempat yang
diceritakan oleh pengarang adalah perbatasan dan pinggiran kota Ngawi. Hal
tersebut terdapat dalam kutipan sebagai berikut:
Sadurunge mbacutake
laku, nindakake ayahan, mlebu kutha Ngawi, susuhing mungsuh, Herman ngajak
Darno nata ati dhisik. Awakku rasane isih pating griming, ati tab-tabane bae!
Darno mangsuli, Barese atiku iya ngono, kok. Wis dak coba dak tatag-tatagake,
ning meksa isih krasa pating griming. (halaman 19)
Nalika semana, Darno metu saka
asrama, tanpa pamit kanca-kancane luwih dhisik, klawan ati padhang, tanpa
semang-semang anane mung seneng, nguncluk menyang omahe Tarmi (desa) Ketanggi,
isih kalebu wewengkon kutha Ngawi, kenya ireng manis kang wis ana sawetara sasi
wewayangane tansah kumanthil-kanthil ana ing ati. Olehe wiwit tepung, nalika
ing sawijining bengi, nontn kethoprak “Sriwahno” kang main ana ing gedhong
setengah reyot sakidule Pasar Ngawi lan kabeneran lungguh jejer.
(halaman 7-8)
2.2 Ideologi
Pengarang
Pengarang dalam menyajikan novel ini
memilih diksi dan bahasa yang bagus. Pengarang Novel Timbreng Satim Kadarjono
memunculkan bahasa-bahasa yang hampir mirip dalam pengucapannya. Hal tersebut
bisa dibuktikan dalam kutipan sebagai berikut:
Senajan sunare teplok ing senthong
mau mung remeng-remeng, ning Herman isih bisa nyumurupi klawan cetha,
sesawangan nalika dhadhane Tarmi katon kerep munggah mudhun, awut ambegane kang
ngangsur-angsur, herman pancen wis kerep nyumurupi sesawangan kang kaya
mangkana. Mula bareng weruh tenan nyatane, senajan ana ing swasana wengi kag
kebak bebaya, dhadhane Herman uga melu luwih cepet olehe munggah mudhun, ora
mung jalaran rasa was lan kuwatir, ning uga dimbuhi ati kang kumrengsep panas,
mbrengengeng kaya kumang kang kepengin nyesep sarining kembang. Ana swara
tembakan ambal-ambalan njalari tanpa kendali Herman lan Tarmi padha gapyuk
rerangkulan klawan keket, lan sangsaya keket, nganti olehe lungguh ing lambene
dhipan kelpesed mangisor, tumiba ing jubin plesteran omah, awit saka ati kang
was lan ngadhep yen nganti ketungkrup ing mungsuh. Lelorone, nalika iku, ing
sajroning angen-angen, kaya padha nggambarake, “Gek kepiye bakal dadine, yen
nganti kecekel patroli?” (halaman 48)
Omahe Tarmi dapur limasan, dumadi saka
omah ngarep lan mburi. Omah mburi mung dipadangi lampu teploktemplek. Darno lan
Tarmi olehe mbacutake jagongan ana ing omah ngarep. Saiki olehe ramah tamah
sinambi mamah jajan awujud gedhang goreng, tela goreng, lan banyu teh. Rehne,
wis dhek awan olehe nggoreng sarta ngodhog, dadi kabeh iya mung sarwa
anyep-anyepan, ditambah hawa saka njaba kang lumebu omah katut ing sumiliring
angin, uga adhem. Ning, rasane dadi malih anget, nyamleng, bareng olehe
nggayang sinambi gojeg, cablek-cablekan, jiwit-jiwitan tanpa saru siku, awit
kang ana jero omah iya mung wong loro, ora ana liyane. Apa maneh bareng olehe
rembugan nyandak bab: katresnan. Jare Darno katresnan iku sabar, loman, ora
kemeren, ora gumunggung, ora kementhus, ora gampang nesu, ora golek enak kepenak
dhewe...! Tarmi Sumela takon : “Katresnan iku: nyiweli, njiwiti, nyableki,
nggremeti, nggrayahi, napa nggih ngaten, mas?” Darno nggeret kursine,
nagangseg, supaya luwih cedhak maneh karo Tarmi, njur wangsulan, Dhik Tarmi iki
sok nganyelake!” (halaman 10)
Swara kang kaya mangkono mau bareng
saya kerep selang-seling karo swara kemrutuge bedhil mesin kaya kerikil lagi
disok saka truk, lan uga kala-kala swara jumlegur lan kumandange njur kaya
rerambatan ing langit, (bisa uga iku swara panjebluging bom pendhem saka
kadoha), njalari hawa kang atis dadi saya atis. Barongan pring ori kang
ambajeng ing sakiwa tengening kali Madiun, uga katon melu nglentruk. Mung,
swara ilining kali Madiun, kang banyune nalika iku peres nganti bola-bali
ndilati bongkoting barong pring, tansah kemproyak tanpa mandheg. Uwere
uber-uberan, warnaning banyune kuning semu soklat reged.
(halaman 1)
2.3 Hubungan
Pengarang dan Karyanya
Pengarang dalam menceritakan novel
ini karena ingin menceritakan pengalaman seseorang dan dibumbui dengan pikiran
dan angan-angan pengarang. Dalam novel ini dipilih judul Timbreng karena
pengarangnya Satim Kadarjono ingin menceritakan karena terjadinya cerita
tersebut karena sedang memasuki musim timbreng,
3.1 Penutup/
Pesan
Satim Kaddarjono menceritakan novel
Timbreng ini dalam permainan bahasa yang indah. Cerita ini terjadi pada tahun
1949, ketika bangsa Indonesia sedang berjuang membela dan melawan Belanda yang
masih ingin menjajah Indonesia kembali.
Walaupun sudah lama terjadinya,
hanya tersisa pengalaman hidup yang menjadi tokoh utama, namun tetapi akan
tetap seperti baru. Karena pembawaan cerita yang disampaikan oleh Satim
Kadarjono ini sangat menarik dan membuat minat para pembacanya.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar