Banyu
Kauripan
Nalika iku pancen isih awan, kira-kira durung ana jam 3 sore
ananging kaya-kaya wis
ndungkap surup, jalaran kawit
esuk langite katon mendung. Sedela panas, sedela
grimis, kahanan kang kaya mau meh saben dina, meh ora ana srengenge katon. Sore
iku Pak Karjo lan ibu Ngadiem lagi jagongan ana ing teras umah, kaya lagi
diskusi bab kang penting.
“Pak, ngapa bapak ngalamun? Apa sing dipikirake? Apa ngelu, apa mriyang, utawa padarane mules, masuk angin?” Pak Karjo gragapan
dibrondong pitakonan mangkono mau. Banjur
wangsulane
karo mateni udude “Ora papa bu. Awakku ora krasa sumer kok. Demek iki kie yen ora percaya.”
“Iya pak, bener yek bapak lagi ora sumer
nanging tak amat-amati mesthi ana
bab kang lagi dipikirake, apa arep ngunjuk kopi pak?” Bu Ngadiem nawakake kopi kanggo ngibur
pikirane Pak Karjo kang lagi mumet.
“Iya
jajal bu, mbok menawa sirahku bisa kepyar nek
wis nginum kopi” jawabe Pak
Karjo
karo nyopot pecine.
Pak Karjo dikenal warga dadi
penyuluh, dheweke sering mbantu petani-petani cilik ing desane, Pak Karjo kerjane dadi PPL
Pertanian ing kantor Kecamatan Kebasen
nanging Pak Karjo saiki wis pensiun. Bu Ngadiem wis 10 tahun dadi guru wiyata
bakti ing TK pertiwi ing desane, desa Gambarsari.
Amarga wis 10 tahun ora ana tanda-tanda diangkat dadi pegawai negeri, Ngadiem
mutusake pensiun dadi guru TK, banjur
buka usaha warung lan dadi pengepul gula jawa.
Bebarengan karo lamunane Pak Karjo
keprungu suara gludhug kang saya kerep kaya suara krikil kali kang lagi di-sok
sekang truk, njalari kahanan
kang wis atis dadi saya atis. Ing ngarep umah uga ana pemandangan bocah cilik
kang lagi bal-balan ing dalan, nambahi mirise ati, kok iya bisa dalan kanggo
bal-balan apa ora wedi yen ditabrak motor utawa mobil liwat.
Wong tuane apa ya ora mikir, dalan koh nggo dolanan,
ujare nyawane anake kaya kucing sing duweni nyawa sanga.
Iya kaya mangkana kahanan ana ing kompleke, dalan didadekake papan kanggo
dolanan, lan lapangan didaekake papan kanggo mepeni pari, cengkeh lan hasil
bumi liyane. Dadi bocahan pada ngrasa lahan kanggo dolanane
direbut, dalan ya bisa kanggo dolanan lan gurisan.
Suarane Pak Karjo mecah kahanan kang
sepi nanging rame jedar-jeder suara gludhug ”Bu, sakjane aku iki wis putek, paribasan banyu kauripan,
kaluwarga iki kaya banyu kali kang buthek banyune. Masalah iki kok ya ora
rampung-rampug ya bu.” Ngepasi sambate
Pak Karjo keprungu rame jedar-jeder suara gludhug
“Iya
pak, salah apa dhewek ya pak?” karo gawa kopi ing gelas gedhe kanggo Pak Karjo.
“Apa iya Gusti Allah lagi nguji kesabarane awake dhewek ya pak?” jawabe Bu
Ngadiem kanggo nenangna
pikirane Pak Parjo kang sengsaya budrek.
“Ngapurane ya bu,bapak ngerti yen
kabeh mau merga polahe bapak.” Pak karjo ngomong kaya kae karo nyruput kopi
gaweane Bu Ngadiem.
Sakjane
kopi sing disruput ya enak, buket tur nikmat, nanging kahanan atine Pak Karjo
sing lagi putek iku gaweni udud karo kopine ora ana rasane babar blas. Hambar,
sengar, getir, pait nyampur dadi siji.
Wektu wis ndungkap jam 4 sumilire
angin nambah banter tinimbang dhek
mau, njalari hawa krasa tambah
adem. Gludhuge saben-saben keprungu isih gemludhug ngrenggai langit. Katon wis
ana pletik-pletik banyu grimis sing
mulaih tiba maring
lemah. Ambune ora ngenaki nang weteng sengar, maraih weteng
enek.
Nalika
samana Tini,
anak ragile Pak Karjo karo Bu Ngadiem bali sekolah, Tini sering bali sore
amarga ana les kanggo ngadepi UN SMA. Tini pancen kalebu bocah berprestasi,
kawit SD, SMP, SMA dheweke mesthi mlebu
3 besar. Tini duwe mbakyu 2 Santi mbarepe lan Susi nomer lorone,
loro-lorone wis padha umah-umah, wis padha misah melu bojone dhewek-dhewek.
Bebarengan
karo tekane Tini Pak Karjo lan Bu Ngadiem meneng, amung ana ribut jedar-jeder
suara gludhug. Sing jelas Pak Karjo lan Bu Ngadiem ora pengin Tini ngerti
masalah kang siki lagi dipikirake wong tuwane.
Melas rasane, mergane dheweke kudu nibani kahanan wong
tuawane sing lagi kolep alias lagi bangkrut. Dibandingna 10 tahun kapungkur pas
lagi jaman jaya-jayane Pak Karjo karo bu Ngadiem, usahane lagi lancar, Pak
Karjo isih kerja lan tunjangane isih akeh, kanggo tuku sawah limang bau wae isih
turah duite. Nanging saiki rasane kaya diantemi wong sekampung. Ibarate entek
bebek entek meri.
Isuk iku katon cerah, Pak Karjo lagi nyapu ing latar
umah. Saka sisih kiwene Pak Karjo, Pak RT teka. Dheweke ana urusan karo Pak
Karjo.
“Pak menapa, saweg sibuk? Kula badhe wonten perlu
kalian Pak Karjo.” Pitakone Pak RT marang Pak Karjo.
“Mboten pak, mangga pinarak. Wonten napa nggih pak?”
“ Kados niki pak, kula mriki badhe mendet sawahnipu Pak
Karjo ingkang badhe dipunsade. Pripun pak badhe dipun lepas pinten?”
“Kula sih badhe nglepas pitung puluh juta pak. Menawi
Pak RT sarujuk nggih mangga.” Sambunge Pak Karjo.
“Menawi sewidak pitu kemawon pripun pak?”
“Nggih mangga, kalih Pak RT boten napa-napa. Ananging
menawi regi sementen kula trima berese nggih pak, urusan kalih kantor notaris
nggih mangga dipun tanggung piyambak. Pripun pak napa Pak RT sarujuk?”
“Nggih sampun menawi kados niku. Kula sarujuk.
Langsung kemawon nggih pak kula bayar saniki. Kula badhe mulai nandur minggu
ngenjang, amargi minggu ngenhang sampun ngancik musim panen pari.”
“Oh nggih boten napa-napa pak.” Sambunge Pak karjo.
Dheweke katon seneng lan bungah, amarga sedela maneh utang ing bank bakale
lunas.
“Niki pak mangga dipunetang.” Pak RT ngewehi duit kang
warnane abang-abang.
“Nggih pak kula etang rumiyin.” Sambunge Pak Karjo
karo ngetung duit mau.
“Kepripun pak, napa leres?” pitakone Pak RT marang Pak
Karjo sing lagi ngetung duit mau.
“Nggih sampun leres pak. Mangke kula pendetaken
sertifikate.”
Pak Karjo mlebu ing jero umahe lan jupuk sertifikate.
Dheweke ora percaya yen sawahe bakal payu secepet iku. Pak Karjo bakalan
langsung menyang bank, yen urusan iki rampung.
“Menika Pak, sertifikatipun Pak RT.”
“Nggih pak, kula pundhut nggih pak. Sawah menika
sampun dados hakipun kula nggih pak?”
“Nggih pak, maturnuwun niki pak.”
“Nggih pak, kula pamit rumiyin. Asalamualaikum.” Pak
RT banjur pamitan.
Pak karjo terus rembugan karo bojone, dheweke arep
ngajak bojone menyang bank. Dina iki akire sertifikat umahe bisa dijupuk. Lan
duwit lewihan kanggo bayar utang ing bank bakal digunaake kanggo daftar Tini
kuliah. Atine Pak Karjo lan Bu Ngadiyem krasa lega. Akire sertifikat umah bisa
bali, lan Tini bisa daftar kuliah. Bebasan banyu kauripan, kauripan keluargane
Pak Karjo mulai bening maneh.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar