cerita cekak

Pemimpin Ing Ngastina Lan Sang Butakala
Sawijing dina ana pepanggihan demang ing dhusun Pandhasari, pepanggihan kasebut ngundang sekawanwelas demang saka patbelas  dhusun, lan sepuluh demang saka tlatah Ngastina. Salah sijine yaiku Demang Surontani saka dhusun Kalisari, Demang Jambewangi lan Ki Bangkelan saka tlatah Ngastina, Demang Jlonet saka desa Urang, Demang Bondhet saka desa Karang turi, demang Kampret saka desa Pacodotan Kidul, demang Jumena saka Kali Lor, Ki Gedhung, lan sapiturutipun. Ing pepanggihan iku para demang ngrembug lan tuker panemu iku dipimpin kaliyan Ki Gedhung.
“Cablaka wae, iki ana perkara kang gawat kaliwat wingit jalaran bakal mahanani begja lan cilakaning warga Ngastina ing mburine. Diwanti-wanti lan padha dieling-eling, kita iki beda panemu kena, naging karukunan kudu tansah tetep dijaga. Dina samengko saya santer sumebar pawarta bakal anane kkraman kang winadi, yaiku bab kalungguhane ingkang sinuwun Prabu Pandhu pepundhene para kawula ing Ngastina. Prakara ana pawongan kang ora narimaake sinuwun Prabu Pandhu jumeneng ing nata Ngastina, ssebab kang luwih hak jumeneng nata yaiku gusti Adipati Dhestarata. Bab sakawit sinuwun Abiyasa misudha Prabu Pandhu kabeh nayogani kalebu Gusti  Adipati Dhestarata, nanging jebul ingkang garwa Dewi Gandari ngucik-ucik kalungguhan nata kekuwatah., nyebar fitnah marang para kawula supaya ora setya bekti marang sinuwu Prabu Pandhu kang jejer minata nata ing Ngastina” ature Ki Gedhung njlentrehake dawa.
“inggih kakang Demang, mila leres ngaten, namung maanawi dipun gagas saestu, pancen mesthinipun ingkang gumanti kaprabon Ngastina inggih menika gusti Adipati Dhestarataawit panjenenganipun punika putra nata ingkang dhawah wwreddha lan prembayun. Demang Jlonet saka Kalisari sumela.
“Iya bener ngono, ning sampeyan ngerti sejarahe ra, geneya kok mengkono. Jalarana gusti Adipati Dhestarata iku ra cacad netra. Lha yen nganti ngasta pusaraning praja njur kepiye coba? Mula digantiake rayine yaiku sinuwun Prabu Pandhu ingkang sinengkake ngaluhur jumeneng nata ing Ngastina, mudheng?! Demang Bondhet njlentrehake gamblang marang sakabehane.
Amargi suasana memanas, debat antar demang uga saya muncak, Ki Demang Gedhung kang dadi ketua ing pepanggihan kasebut nengahake, supaya ra dadi selisih paham lan keributan.
“saiki ngene wae. Kabeh para demang aku njauk pasarujukanmu, aja nganti ana kang kapeksa utawa wedi lan pakewuh. Beda panemu kena waton kita kabeh kudu tansah rukun lan manunggal ngupaya kepriye murih kabeh mau mahanani kamulyan lan kabecikan kita lan sumambrah marang para warga nagara Ngastina. Sapa sing esih tresna marang sinuwun Prabu Kresnadwipanaya, sang Begawan Abiyasa, coba ngacunga” celathune Ki Demang.
Demang kang ngacung bisa di itung kaliyan jentik tangan. Demang Gedhung mongkong atine lan ngomong maneh,
“saiki padha ngacunga maneh, sapa sing setya marang sinuwun Prabu Pandhu?”
Ana demang cacah rongpuluh kompak tanpa tolah-toleh, dene ing sepuluh liyane isih noleh kancane mula ya banjur pating slenthit olehe ngacung. Malah ana demang siji ora ngacung, yaiku demang Kampret saka desa Pacodhotan.
“bener kowe ora ngacung?” panantinge Ki Gedhung
“Nggih leres Ki!”
“Kalawau dhawuhe mboten sarujuk mboten napa-napa utawi beda pamanggih angsal mawon?”
“iya, tapi apa alesanmu ngapa ora ngacung?!”
“nggih beda niku mawon” sumaure sajak ngglayem ora ngawaki.
“dadi kowe ora setya marang sinuwun Prabu Pandhu, iya?”
“Setya kados pundi, nalika sinuwun Prabu Kresnadwipanaya ngasta pusaraning praja, dhusun Pacodhotan punika asring dipun rawuhi dening ingkang sinuwum Abiyasa, pambangunan dhusun tansah dipungatosaken. Lha sareng gusti Prabu Pandhu ingkang ngasta pusaraning praja, dhusun kula punika babar pisan mboten dipungatosaken. Kapengker punika wonten tanah longsor ngebruki sekawan griya lan atusan pitik iwen ical kabuncang banjir bandhang. Kula nelangsa sanget, mboten dipun bantu lan dipun sumbang, dipun sambangi kemawon warga Pacodhotan punika sampun marem. Dados warga Pacodhotan punika kados-kados mboten wonten ingkang dipun sambati lan dipun sendheni, nduwe ratu kalih mboten wonten bentenipun, luwun tanpa ratu pisan kantenan, mekaten pisambutipun para warga Pacodhotan.” Demang kampret njlentrehna sebebe ora milih gusti Prabu Pandhu.
“Owalah. Iku ta sing dadi sebabe, ya ya ya aku ora maido karo pamikirmu. Nanging jan jane kowe esih setya tuhu lan bekti marang sinuwun Prabu Pandhu?” Ki Demang Gedhung neges-neges.
“lho pripun ki, lair batin kula setya tuhu bekti dhumateng sinuwun Prabu Pandhu. Nanging kula minangka wakiling warga Pacodhotan inggih kedah manut suwaraning warga kula?”
“wah ya aja njur kanggo pawadan ora setya marang kraton lan paprentahane sinuwun Prabu Pandhu mung gara-gara perkara kaya mangkono. Demang Surotani nimbrung atur .
“Ya kanggone awake dhewek Kang, nanging kanggo warga lan kawula cilik wus beda maneh pamikire, aku ya nglenggana ing bab iki. Aku ora belan-belan, iki kasunyatan kok.” Demang Jumena saka Kali Lor mbelani rembug.
”ya ya ya, kabeh panemune para demang ora ana kang salah, pancen bedaning panemu iku njalari padon lan pasulayan yen ora ditanggapi kanti becik, nanging yen didhasari rasa kekadangan lan guyub rukun tak kira malah saya muwuhi rasa lan bakuhing tekad sarta kukuhing tumindak. Sapisan maneh beda panemu kena nanging karukunan kudu tansah  tetep dijaga.”
“Sapa kang setya tuhu lan bekti marang sinuwun Prabu Abiyasa, ateges uga setya tubhu marang kabaeh kaputusane, kelebu nisuda ingkang putranipun sinuwun prabu pandu kang jumeneng nata neng negara Ngastina. Sang Pandudhewanata iki kang pinilih dening panjenengane sinuwun Resi Abiyasa, sang Prabu Kresnadwipayana minangka narendra ing Ngastina. Sabda pandhita ratu tan kena tinuak lan jinabel, sepisan kudu kaleksanan. Dadi sapa lan ngucik-kucik kalungguhane sinuwun Prabu Pandhu padha karo sinuwak lan jambel keputusane Prabu Kresnadwipayana sang  Resi Abiyasa. Banjur dosa apa kang bakal sinandang lamun kumawani ndang marang Resi Abiyasa kang mula kondhang kaloka narendra pinandhita kang wicaksana tur panjagale waskitha pandulunge” mangkono celathune Ki demang gedhung marang para kabeh kadang demang.
Wekasan kang dadi akhire rembug kabeh tetep setya tuhu bekti marang Prabu Pandu, ora bakal keguh kena pengaruh, ora bakal luntur saka pitutur kang kalatur, ora bakal sarujuk marang pangrimukan pambujuk. Sabanjure banjur padha tandhatangan ana dlancang minangka sumpah kastyane marang prabu pandu kanthi dilancang kang padha ditandhatangani dening demang cacah telungpuluh siji, tanda yekti kastyane para demang marang prabu pandu mengkana bakti katur akeh menyang negara ngastina katur sinuwun prabu pandhudewantara. Sarampunge padha tandha tangan sang Butakala banjur jumedhul metu saka anggone sesingidan, kanthi keplok-keplok mara ana papan dununge para demang ana ing pandhapa pandansari. Kaya ngapa kagete para demang, jalaran tanpa weruh sangkan parane, Sang Butakala wis jumedhul ana papan kana.
Para demang gupuh-gupuh anggone pada angacarane, lewih-lewih demang Gedung, gugp lan gupuh anggone ngacarani lenggah sag Butakala. Ananging Butakala seneng weruh warga Astina padha guyub rukun ngrampungake masalah.


0 Responses

Posting Komentar