Purwoketo Kota
Satria
Purwokerto asale
saka tembung Purwo yang artinya wiwitan atau asal mula, lan kerto kang artine kemakmuran, yen digabungake Purwokerto yaiku wiwitan
kemakmur utawa asal
mula kemakmuran (dalam Bahasa Indonesia). Ing tanggal 21-23 Februari
1861 kota Banyumas kang dadi Ibukota
Kabupaten Banyumas kena bencana banjir kang parah (Blabur Banyumas) disebabake
mbludage banyu kali serayu. Bupati Banyumas
ing wektu iku yaiku Raden Adipati Cokronegoro I kang jabat wit taun 1831. Ing
perkembangan sateruse, Kabupaten Purwoketo diapus, digabungake kaliyan Kbupaten
Banyumas, kang Ibukotane ing Purwokerto lan uga dadi Ibukota Karesidenan
Banyumas ing taun 1936. Diprakasani Adipati Aryo Sujiman Gondosubroto (Bupati
Banyumas II), pendopo “Si Panji” ing tanggal 5 Januari 1937 dipindah, asale ing
Banyumas dipindah ing Purwokerto.
Simbol Satria
kanggo slogan kota Purwokerto, diteliti sekang segi historis pancen wis
akeh nglairake satria, awit zaman perjuangan utawa zaman pembangunan
akhir-akhir iki. Pejuang kang asale Banyumas yaiku: Panglima Besar
Jenderal Sudirman, Jendral gatot Subroto, dan Letjen Suprapto. Ing bidang kesehatan, kecatet Prof. Dr. Margono
Sukaryo kang dadi ahli bedah pertama ing Indonesia. Saiki asmane didadekake dadi jeneng Rumah Sakit Umum Daerah (RSUD) ing
Purwokerto. Ing bidang koperasi yaiku A. Wira Atmaja,
patih Purwokerto ing jaman iku. K.H. Abu Dardiri dadi perintis ngadege
Departemen Agama. Ing Perbangkan yaiku perintise uga wong Banyumas yaiku
Margono Joyohadikusumo.
“SATRIA” dipilih dadi
slogan utawa motto kang dirasa pas
kanggo Kabupaten Banyumas kang Ibukotane ing Purwokerto, Satria ing kene ngandung 2 pengertian. Pertama, Satria yaiku
singkatan Sejahtera, Adil, Tertib, Rapi, Indah dan
Aman. Motto kang terkandung ing ungkapan Satria iki pas karo
usaha-usaha pembangunan kang lagi lan terus dilangsungake pemerintah daerah.
Peran Satria kanggo motto, etos kerja
kanggo aparat lan masyarakat uga dadi sasaran
utawa arah pembangunan. Keloro, Satria duweni sifat masyarakat Banyumaskang “cablak”. Artine Jujur, terbuka (terus terang), tulus ikhlas,
duweni loyalitas, dedikasi kang duwur lan wani dadi watak kesatria. Sosok Bawor kang dadi tokoh wayang khas
Banyumas dadi trade mark.
(Sumber:
Babad Banyumas)
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar