Lawang
Wisben menga
Wisben minep
Bareng angin
kang dolan
Ing mangsa
ketiga
Ing saben
wektu kang liwat
Mesthi njamah
lawang
Kelebu sliramu
Ngarep lawang
Saben nothog
dadi siji
Rembulan mbuka
wengi
Nyeluk aku
Ngarep lawang
Nalika menga
Mesthi dak
temu dalane surya
Swarane endah
Mbuka wengi
ing panyawangku
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar