JANJI SEPI
Dawane rel sepur liwat tengah alas
sawah
Prasasat isih dawa janjimu
Kang nggawa daya
Sumringah ing sajroning laku
Nlusup ing balung sungsum
Angin melu nggoleki
Agawe donya njomplang
Gara-gara ora kuwat nyangga bumi
Ora kuwat nreksa budi
Rasane kaya wis tau tak
rasaake
Angin isih nggoleki aburing kupumu
Mangsa rendheng udane nggrejih
Nanging kali durung akeh banyune
Angin njajah desa
Ngilang marsudi
janjimu wingi
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar