Balike
Sertifikat tanah
Wektu wis ndungkap awan, nalika samana jam wis setenga
rolas. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem mutusna langsung maring Patikraja, bank sing
diutangi Pak Karjo manggon ing Patikraja.
Amarga wektune wong pada solat dzuhur, Pak Karjo lan
Bu Ngadiyem mutusna mampir maring mesjid cedek bank. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem
arep solat lan arep gaturna sembah nuwun marang Gusti Allah kang wis mbantu
urusane Pak Karjo lan Bu Ngadiyem.
Nalika wis rampung solate, Pak Karjo lan Bu Ngadiyem
langsung nuju bank. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem wis ora sabar maning kanggo weruh
lan nyekel sertifikat umahe maning.
Wis teka ing bank, pak karjo langsung ngadep maring
bagian keuangan. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem langsung ketemu karo kepala bagian
keuangane.
“Sugeng Siang pak, wonten ingkang saged kula biyantu?”
takone kepala keuangan mau.
“Nggih pak, kula nade nebus sertifikatipun kula.”
“Oh mekaten, sekedap saking bapak sinten nggih?”
“Pak Karjo pak, alamatipun desa Gambarsari.”
“Sekedap nggih pak.” Kepala keuangan mau goleti lan
ngutak-ngutik komputer.
“Niki sisa pinjamanipun tesih kathah pak. Menapa bade
dipun take ofer?” takone kepala
keuangan bank mau.
“Nggih leres pak, kula bade take ofer utang kula.” Jawabe Pak Karjo
“Sedaya jumlahipun Rp 30. 500.000,- niki sampun kalian
bunganipun pak.”
“Nggih pak niki artanipun” Pak Karjo karo ngetokna
duit sekang tas lan ngetung duit sing abang jimbrang.
“Nggih pak kula trima nggih?” Jawabe kepala keuangan
mau.
Banjur duit diitung karo mesin. Nang atine pak Karjo
wis lega banget, amarga sedela maning sertifikat umahe bakal bali maring Pak
karjo. Ora bakal ana rencana maning ngutang-ngutang. Apa maning ngutang sing
jumlahe gede.
Suwara serrrrrrrrrr keprungu ing kupinge Pak Karjo
karo Bu Ngadiyem. Suwara iku sumbere saka mesin pengitung duit otomatis. Ora
ngasi 3 menit, duit mau wis rampung diitung.
“Pak, niki leres jumlahipun, mangke bapak nenggo
sekedap, saweg dipun damelaken serat take
ofer rumiyin.”
“Oh Nggih pak. Mboten napa-napa, ananging mangke sertifikate
langsung medal napa boten pak?” Takone Pak Karjo maring kepala keuangan mau.
“Nggih langsung saged medal pak, menawi mangke serat take ofer sampun dipun tanda tangani.”
Sekitar sepuluh menitan surat take ofer metu. Ademe ing ruangan kue ora ndadikna ademe awake Pak
Karjo. Pak Karjo pancen wis ora sabar banget kepengin gawa bali sertifikat
umahe.Wektu sepuluh menit bae krasa suwe banget.
“Pak, niki serat take
oferipun sampun dados. Mangga dipun tandatangani.” Pimpinan bagian keuangan
mau karo ngewehna surat maring Pak Karjo.
Atine Pak Karjo bungah banget, akire utang-utange nang
bank wis lunas. Pak Karjo krasa kaya nglepas beban ing pundake.
“Nggih Pak.” Pak Karjo jawabi karo nandatangani surat
mau.
Bareng surat take
ofer mau ditandatangani, banjura ana pegawe wadon kang gawa map abang kang
isine sertifikat.
“Menika pak sertifikatipun.” Pegawe bank mau ngewehna
amplop abang maring Pak Karjo.
Atine Pak Karjo seneng banget akire sertifikat tanahe
bisa balik maning nang tangane. Pak Karjo lan Bu Ngadiyem bali kanthi rasa
seneng lan bungah.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar