Uripku, deritaku.
Alhamdulilah taun iki aku isih
menangi musim rendeng. Anangin musim rendeng taun iki beda karo taun-taun
sadurunge, musim rendeng taun wingi aku isih dadi bocah ingusan, isih nganggo
putih abu-abu. Saiki aku wis ngenyam bangku kuliah. Aku wis semester 2 ing
Universitas Negeri Semarang. Saiki aku urip penak, awit bapak ibuku ngadol
umah, kanggo bayar utang, lan biyaya kuliah aku. Aku wis bebeh ngemut-emut masa
lalu.
Aku Rena, Rena Anggraini anak
ke-3 saka 3 bersaudara, dulur-dulurku wadon kabeh. Mbakyuku sing nomer siji
saiki nang Semarang ngetutake bojone, Trias Tuti Wulandari arane, dheweke kerja
ing laboratorium PMI, anake 2 siji lanang, siji wadon. Mbakyuku sing nomer 2
juga wis umah-umah, saiki dheweke kerja ing BP PJKA Daop 5, dheweke juga duweni
anak 2, wadon kabeh.
Bapakku, Mustari, saiki wis
pensiun, panjenengane pensiunan perangkat desa Kalisalak, desa kang wis
nyaksikna aku kawit cilik gutul saiki. Ibuku, Kusmiah, saiki uga wis pensiun,
panjenengane pensiunan guru TK. Aku kawit cilik wis terbiasa urip sederhana.
Bapak ibuku ora pernah ngalem aku, bapak ibuku ndidik aku lan ibuku disiplin
banget. Kebukti saiki mbakyu-mbakyuku uripe rada kepenak.
Awit SMA aku melu mbakyuku ing
Purwokerto, amarga aku sekolah ing Purwokerto. Bapak, ibu, mbakyuku, mbahku ora ngijinake aku
ngekos, amarga kabeh pada wedi yen aku salah gaul. Aku manut karo omongane wong
tuaku. Aku melu mbakyuku ing Perumahan Purwosari, sekitar 10 km saka
sekolahanku. Ing kana ana mas ipeku, mbakyuku, ponakanku (Naya), lan rewnage
mbakyuku. Aku dieman banget karo mbakyu lan mas ipeku, kabeh kebutuhanku selalu
dipenuhi. aku juga mesthi dianter jemput ing mbakyuku, amarga kantore mbakyuku
ora adoh saka sekolahanku, sekitar 5 km. Bapak ibuku percaya yen aku urip
bareng mbakyuku, amarga mbakyuku uga didik aku disiplin banget. Saben dina
setu-minggu aku ora ulih bali ing umahku kanggo mbatiri mabkyuku, tapi bapak
ibuku yen dina minggu mesthi maring umahe mbakyuku.
Awit Bapak ibuku pensiun,
saklorone mbukak usaha kanggo nyambung urip lan mbiyayani sekolahku. Bapak
ibuku mbukak warung lan dadi pengepul gula jawa. 3 taun wis lumampah usahane
bapak ibuku lancar-lancar bae, jarene untunge juga lumayan. Tapi pas taun 2010
bapak ibuku lagi diuji Gusti Allah, usahane Bapak ibuku bangkrut, gara-gara
bapakku utang ing Bank tapi tunggakane wis akeh banget.
13
Pancen awit aku mlebu SMA aku
jarang betah nang umah, marga urip nag kota lewih penak saka urip nang ndesa.
Aku isih emut banget tanggal 25 april 2011, preian ujian aku bali umah. Yen aku
nang umah mesthi aku ngrewangi wongtuaku, aku bersih-bersih umah lan
rewang-rewang ibuku ing warung. Sore iku aku dikongkon ibuku jaga warung,
amarga bapak ibuku arep kondangan, jarene sadulur adohku lagi mbaranggawe,
umaeh ing gunung, aku pernah maring ngana pancen dalane manjat murun, lan
tikungane uga akeh.
Aku ora mikir apa-apa, aku
mikire wongtuaku bakal bali slamet, tapi pikiranku salah. Ibu bapaku
kecelakaan, samparane ibuku mlebu ban ricing. Ngemuti ibuku wis sepuh,
balunge uga sepuh, balunge ibuku retak. Atiku kaya dituncepi paku ngrungokna
wongtuaku kecelakaan. Jam 5 sore bapakku bali, Alhamdulilah bapakku ora lana
lukane, bapakku ngendika
“ibumu kudu cepet dioperasi,
bapak bingung. Siki ibumu wis ing Rumah Sakit Umum Daerah Banyumas, mengko
wengi arep dioperasi”
Aku gur bisa nangis ngrungokake
bapakku, rasane pengin mati.
“Dongaake ibumu ya nduk, ben
bisa kuat. Saiki kowe ganti, melu bapak nyang Rumah Sakit. Mbakyumu mengko
nyusul, lan mba tiaz juga wis dikabari, ngesuk arep bali ming Purwokerto”
Aku tetep ora bisa jawab, uluh
ing mataku ora bisa dibendung.
Ibuku dioperasi, walaupun gratis
tapi kanggo terapine ngetokake duit akeh banget. Gusti Allah pancen lagi nguji
keluargane aku. Bareng ibuku dioperasi, masalh teka maneh, Bank Danamon nagih
utang marang bapakku, tunggakane akeh banget lan ngewehi surat perjanjian yen 3
sasi ora bisa dilunasi, umahku bakal dilelang. Tapi bapakku usaha, akhire
sekang keputusan bapak, ibu, aku, lan mbakyu-mbakyuku umah bakal didol
sadurunge dilelang lan di sita Bank. Sakuwise manggon ing umahe mbak Evi.
Ngemuti umahku nang desa, tapi
ing sisish dalan gede, dadi umahku cepet payu lan regane uga lumayan. Sauwise
iku utang-utange bapakku lunas, ibuku uga lumayan wis bisa tindak. Semoga Gusti
Allah ora bakal ngewehi cobaan marang keluargaku maneh.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Posting Komentar